Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #132 Translated in Jawa

رَبَّنَا وَاجْعَلْنَا مُسْلِمَيْنِ لَكَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا أُمَّةً مُسْلِمَةً لَكَ وَأَرِنَا مَنَاسِكَنَا وَتُبْ عَلَيْنَا ۖ إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ
Dhuh Pangeran kawula. Kawula tiyang kalih mugi sami Tuan dadosaken tiyang ingkang sumarah ing Tuan punapa dene para turun kawula, mugi sami Tuan dadosaken tiyang ingkang sumarah ing Tuan, sarta kawula mugi Tuan paringi seserpan lampahipun pangabekti kawula, saha Tuan mugi kersa nampi tobat kawula. Sayektosipun Tuan punika dzat ingkang nampi tobat saha Maha Asih
رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيهِمْ رَسُولًا مِنْهُمْ يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيهِمْ ۚ إِنَّكَ أَنْتَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Dhuh Pangeran kawula, Tuan mugi ngutus utusan (Rasul) saking bangsanipun dhateng bangsanipun ingkang dhawuhaken ayat TUan, saha nedahaken suraosipun kitab Qur’an, dalah hukum-hukum (kawicaksanaan) dhumateng para kawula, punapadne nucekaken manahipun, saestu Tuan punika Maha Mulya tur Wicaksana
وَمَنْ يَرْغَبُ عَنْ مِلَّةِ إِبْرَاهِيمَ إِلَّا مَنْ سَفِهَ نَفْسَهُ ۚ وَلَقَدِ اصْطَفَيْنَاهُ فِي الدُّنْيَا ۖ وَإِنَّهُ فِي الْآخِرَةِ لَمِنَ الصَّالِحِينَ
Ora ana wong kang ora dhemen marang agamane Ibrahim kajaba wong kang ora mangerti marang awake dhewe. Ingsun temen wis mili Ibrahim mau ana ing donya lan satemena Ibrahim iku ana akhirat klebu ewone wong becik
إِذْ قَالَ لَهُ رَبُّهُ أَسْلِمْ ۖ قَالَ أَسْلَمْتُ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ
Nalika pangeran dhawuh marang Ibrahim: "Sira sumraha!", Ibrahim nuli munjuk: "Kawula sumarah dhateng Pangeraning jagat sedaya
وَوَصَّىٰ بِهَا إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَا بَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَىٰ لَكُمُ الدِّينَ فَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Ibrahim lan Ya’qub padha paring wasiyat agama marang para anak turune: "He anak turunku kabeh, Allah wis milih marang sira kabeh dikersakake padha nglakoni agama, mulane sira aja padha mati, kajaba (mati) ing dalem Islam

Choose other languages: