Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #135 Translated in Jawa

إِذْ قَالَ لَهُ رَبُّهُ أَسْلِمْ ۖ قَالَ أَسْلَمْتُ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ
Nalika pangeran dhawuh marang Ibrahim: "Sira sumraha!", Ibrahim nuli munjuk: "Kawula sumarah dhateng Pangeraning jagat sedaya
وَوَصَّىٰ بِهَا إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَا بَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَىٰ لَكُمُ الدِّينَ فَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Ibrahim lan Ya’qub padha paring wasiyat agama marang para anak turune: "He anak turunku kabeh, Allah wis milih marang sira kabeh dikersakake padha nglakoni agama, mulane sira aja padha mati, kajaba (mati) ing dalem Islam
أَمْ كُنْتُمْ شُهَدَاءَ إِذْ حَضَرَ يَعْقُوبَ الْمَوْتُ إِذْ قَالَ لِبَنِيهِ مَا تَعْبُدُونَ مِنْ بَعْدِي قَالُوا نَعْبُدُ إِلَٰهَكَ وَإِلَٰهَ آبَائِكَ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ إِلَٰهًا وَاحِدًا وَنَحْنُ لَهُ مُسْلِمُونَ
(He wong Yahudi) nalikane sedane Ya’qub sira padha ora nekseni, dhek semana Ya’qub ndangu kaantepane anak turune: "Besuk sak pungkurku sira padha manembah sapa?" Anak turune mau padha matur: "Kita sami manembah Pangeran Panjenengan, ugi Pangeraning para leluhur panjenengan, Ibrahim, Islamil, Ishaq lan kita badhe sami sumarah dhateng pangeran wau
تِلْكَ أُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۖ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَا كَسَبْتُمْ ۖ وَلَا تُسْأَلُونَ عَمَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Ibrahim lan anak turune mau Ummat kang wis kuna, padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis padha dilakoni. Dene sira wong Yahudi kabeh iya padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis sira padha lakoni. Sira ora bakal didangu perkara lakune (tindak wong kang wis kuna mau)
وَقَالُوا كُونُوا هُودًا أَوْ نَصَارَىٰ تَهْتَدُوا ۗ قُلْ بَلْ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۖ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Wong Yahudi lan wong Nashara padha ngucap marang wong mukmin: "Sira padha mlebu agama Yahudi utawa Agama Nasrani mesti sira padha oleh pituduh". (Muhammad) sira maringanan wangsulan: "Kita malah padha nderek agamane Ibrahim, kang akeh lerege bener, lan Ibrahim dudu ewoning wong Musyrik

Choose other languages: