Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #138 Translated in Jawa

تِلْكَ أُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۖ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَا كَسَبْتُمْ ۖ وَلَا تُسْأَلُونَ عَمَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Ibrahim lan anak turune mau Ummat kang wis kuna, padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis padha dilakoni. Dene sira wong Yahudi kabeh iya padha tampa ganjaran sakmurwate barang kang wis sira padha lakoni. Sira ora bakal didangu perkara lakune (tindak wong kang wis kuna mau)
وَقَالُوا كُونُوا هُودًا أَوْ نَصَارَىٰ تَهْتَدُوا ۗ قُلْ بَلْ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۖ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Wong Yahudi lan wong Nashara padha ngucap marang wong mukmin: "Sira padha mlebu agama Yahudi utawa Agama Nasrani mesti sira padha oleh pituduh". (Muhammad) sira maringanan wangsulan: "Kita malah padha nderek agamane Ibrahim, kang akeh lerege bener, lan Ibrahim dudu ewoning wong Musyrik
قُولُوا آمَنَّا بِاللَّهِ وَمَا أُنْزِلَ إِلَيْنَا وَمَا أُنْزِلَ إِلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ وَالْأَسْبَاطِ وَمَا أُوتِيَ مُوسَىٰ وَعِيسَىٰ وَمَا أُوتِيَ النَّبِيُّونَ مِنْ رَبِّهِمْ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ أَحَدٍ مِنْهُمْ وَنَحْنُ لَهُ مُسْلِمُونَ
Sira padha ngucap: "Kita padha percaya ing Allah lan ngestokake samubarang kang wis didhawuhake marang kita lan samubarang kang wis didhawuhake marang Ibrahim lan Ismail lan Ishaq lan Ya’qub lan para anak turune, lan samubarang kang wis didhawuhake marang para Nabi saka Pangerane. Kita ora mbedak-mbedakake siji-sijine Nabi mau, lan kita sumarah ing Allah
فَإِنْ آمَنُوا بِمِثْلِ مَا آمَنْتُمْ بِهِ فَقَدِ اهْتَدَوْا ۖ وَإِنْ تَوَلَّوْا فَإِنَّمَا هُمْ فِي شِقَاقٍ ۖ فَسَيَكْفِيكَهُمُ اللَّهُ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Menawa wong Yahudi lan wong Nashara mau padha percaya kaya percayanira, iku mesthi padha oleh pituduh nanging yen padha mlengos mesthi padha tumiba ing cecongkrahan. (He Muhammad!) Allah bakal nylametake (ngedohake) sira saka panggawe alane wong Yahui lan Nashara mau. Allah iku Maha Priksa lan Ngudaneni
صِبْغَةَ اللَّهِ ۖ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ اللَّهِ صِبْغَةً ۖ وَنَحْنُ لَهُ عَابِدُونَ
(Wong mukmin padha ngucap): "Kita wis padha dibabar klawan babarining Allah, ora ana babaran kang luwih becik tinimbang babarane Allah. Kita padha manembah ing Allah

Choose other languages: