Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #108 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَقُولُوا رَاعِنَا وَقُولُوا انْظُرْنَا وَاسْمَعُوا ۗ وَلِلْكَافِرِينَ عَذَابٌ أَلِيمٌ
He wong kang padha percaya ing Qur’an sira aja sok matur (Marang Nabi Muhammad) "Raa’inaa" becik mature "Undzurnaa" lan sira padha ngrungokna, dene wong kafir iku padha kapatrapan siksa kang nglarani
مَا يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ وَلَا الْمُشْرِكِينَ أَنْ يُنَزَّلَ عَلَيْكُمْ مِنْ خَيْرٍ مِنْ رَبِّكُمْ ۗ وَاللَّهُ يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
Wong kafir kang padha duwe cecekelan kitab sarta wong musyrik kabeh padha ora seneng yen wahyu becik saka Pangeranira iku diparingake marang sira Muhammad. Allah nemtokake asihe marang wong kang dadi keparenging kersane, Allah iku kagungan kanugrahan Kang Agung
مَا نَنْسَخْ مِنْ آيَةٍ أَوْ نُنْسِهَا نَأْتِ بِخَيْرٍ مِنْهَا أَوْ مِثْلِهَا ۗ أَلَمْ تَعْلَمْ أَنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Menawa Ingsung nyuwak utawa ngendhakake ayat, mesti Ingsung dhawuhake kang luwih becik utawa kang madhani ayat kang disuwak utawa diendhakake mau. Apa sira ora mangerti yen Allah iku nguwasani samu barang iki
أَلَمْ تَعْلَمْ أَنَّ اللَّهَ لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ وَمَا لَكُمْ مِنْ دُونِ اللَّهِ مِنْ وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ
(He Muhammad lan para Ummat kabeh!) Apa sira ora mangerti yen Allah iku kagungan kratoning langit lan bumi? lan sira ora ana kang bisa ngasihi lan tetulung saliyane Allah
أَمْ تُرِيدُونَ أَنْ تَسْأَلُوا رَسُولَكُمْ كَمَا سُئِلَ مُوسَىٰ مِنْ قَبْلُ ۗ وَمَنْ يَتَبَدَّلِ الْكُفْرَ بِالْإِيمَانِ فَقَدْ ضَلَّ سَوَاءَ السَّبِيلِ
Apa sira kudu nyuwun marang Rasulira, kaya dhek biyen nalikane nabi Musa dijuluki sing sapa nyalini klawan kafir, Wong iku yekti kesasar saka dalan kang jejeg

Choose other languages: