Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #100 Translated in Jawa

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Lan manawa wongé kutha- kutha iku padha angèstu sarta anjaga awaké , yekti Ingsun angengakaké nugraha- nugraha saka ing langit lan bumi marang dhèwèké, ananging dhè- wèké padha anggorohaké, mulané padha Ingsun patrapi, amarga saka pakolihing
أَفَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَنْ يَأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا بَيَاتًا وَهُمْ نَائِمُونَ
Apa! apa wongé kutha-kutha iku rumasa aman saka siksa- Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah bengi, sajroné padha turu
أَوَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَنْ يَأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا ضُحًى وَهُمْ يَلْعَبُونَ
Apa! apa wongé kutha-kutha rumasa aman saka siksa-Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah ésuk, sajroné padha dolanan
أَفَأَمِنُوا مَكْرَ اللَّهِ ۚ فَلَا يَأْمَنُ مَكْرَ اللَّهِ إِلَّا الْقَوْمُ الْخَاسِرُونَ
Apa! lah apa padha rumasa aman saka rancanganing Allah? Ananging ora ana kang rumasa aman saka rancanganing Allah, kajaba wong-wong kang bakal sirna
أَوَلَمْ يَهْدِ لِلَّذِينَ يَرِثُونَ الْأَرْضَ مِنْ بَعْدِ أَهْلِهَا أَنْ لَوْ نَشَاءُ أَصَبْنَاهُمْ بِذُنُوبِهِمْ ۚ وَنَطْبَعُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ
Apa ta ora terang tumrapé para kang padha amaris bumi ing sapungkuré kang angenggoni , yèn, upama Ingsun angarsakna, bakal padha Ingsun patrapi amarga saka dosané sarta bakal padha Ingsun ecap atiné; wusana bakal padha ora krungu

Choose other languages: