Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #102 Translated in Jawa

أَوَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَنْ يَأْتِيَهُمْ بَأْسُنَا ضُحًى وَهُمْ يَلْعَبُونَ
Apa! apa wongé kutha-kutha rumasa aman saka siksa-Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah ésuk, sajroné padha dolanan
أَفَأَمِنُوا مَكْرَ اللَّهِ ۚ فَلَا يَأْمَنُ مَكْرَ اللَّهِ إِلَّا الْقَوْمُ الْخَاسِرُونَ
Apa! lah apa padha rumasa aman saka rancanganing Allah? Ananging ora ana kang rumasa aman saka rancanganing Allah, kajaba wong-wong kang bakal sirna
أَوَلَمْ يَهْدِ لِلَّذِينَ يَرِثُونَ الْأَرْضَ مِنْ بَعْدِ أَهْلِهَا أَنْ لَوْ نَشَاءُ أَصَبْنَاهُمْ بِذُنُوبِهِمْ ۚ وَنَطْبَعُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ
Apa ta ora terang tumrapé para kang padha amaris bumi ing sapungkuré kang angenggoni , yèn, upama Ingsun angarsakna, bakal padha Ingsun patrapi amarga saka dosané sarta bakal padha Ingsun ecap atiné; wusana bakal padha ora krungu
تِلْكَ الْقُرَىٰ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ أَنْبَائِهَا ۚ وَلَقَدْ جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنَاتِ فَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا بِمَا كَذَّبُوا مِنْ قَبْلُ ۚ كَذَٰلِكَ يَطْبَعُ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِ الْكَافِرِينَ
Iki kutha-kutha – Ingsun anyaritakaké marang sira sawe- nèhing carita-caritané, lan sayekti temen para utusané wus anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti, ananging dhèwèké padha ora arep angèstu ing barang kang mauné padha digorohaké; kaya mang- kono Allah angecap marang ati- atiné para wong kafir
وَمَا وَجَدْنَا لِأَكْثَرِهِمْ مِنْ عَهْدٍ ۖ وَإِنْ وَجَدْنَا أَكْثَرَهُمْ لَفَاسِقِينَ
Lan Ingsun ora nemu janji ing kèkè- hané dhèwèké, lan Ingsun anemu kèkèhané dhèwèké iku temen padha wong murang yekti

Choose other languages: