Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #85 Translated in Jawa

إِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِنْ دُونِ النِّسَاءِ ۚ بَلْ أَنْتُمْ قَوْمٌ مُسْرِفُونَ
Sayekti sira iku padha aneka- ni karep karo padha wong lanang ora karo wong wadon, lah, sira iku bangsa kang langkah
وَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَنْ قَالُوا أَخْرِجُوهُمْ مِنْ قَرْيَتِكُمْ ۖ إِنَّهُمْ أُنَاسٌ يَتَطَهَّرُونَ
Lan ora ana liya wangsulané bangsané kajaba mung padha calathu: Padha wetokna saka ing kuthanira, sayekti dhèwèké iku wong-wong kang arep anucèni dhiri
فَأَنْجَيْنَاهُ وَأَهْلَهُ إِلَّا امْرَأَتَهُ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ
Mulané Ingsun anyalametaké dhèwèké dalah pandhèrèké, A kajaba rabiné; iku kalebu wong kang padha kèri
وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَطَرًا ۖ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِينَ
Lan Ingsun anibani udan marang dhèwèké: Lah angen- angenen, kapriyé wasanané para wong kang padha dosa
وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ قَدْ جَاءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ ۖ فَأَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيزَانَ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ أَشْيَاءَهُمْ وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Lan marang Ma- dyan sadu- luré, Syu’aib. Dhèwèké calathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangéranira: mulané padha dikebak ing panaker lan panim- bang sarta aja padha angèlongi barang-barangé wong, tuwin aja gawé wisuna ing bumi sawisé anggoné dibecikaké; iku luwih becik tumrapé sira manawa sira iku padha wong angèstu

Choose other languages: