Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #84 Translated in Jawa

وَلُوطًا إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ أَتَأْتُونَ الْفَاحِشَةَ مَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ أَحَدٍ مِنَ الْعَالَمِينَ
Lan Luth, nalikané acalathu marang bangsané: Apa! apa sira padha anindakaké panggawé nistha, kang ora ana wong siji-sijia ing jagad ing sadurungira kang nindakaké mangkono
إِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِنْ دُونِ النِّسَاءِ ۚ بَلْ أَنْتُمْ قَوْمٌ مُسْرِفُونَ
Sayekti sira iku padha aneka- ni karep karo padha wong lanang ora karo wong wadon, lah, sira iku bangsa kang langkah
وَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَنْ قَالُوا أَخْرِجُوهُمْ مِنْ قَرْيَتِكُمْ ۖ إِنَّهُمْ أُنَاسٌ يَتَطَهَّرُونَ
Lan ora ana liya wangsulané bangsané kajaba mung padha calathu: Padha wetokna saka ing kuthanira, sayekti dhèwèké iku wong-wong kang arep anucèni dhiri
فَأَنْجَيْنَاهُ وَأَهْلَهُ إِلَّا امْرَأَتَهُ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ
Mulané Ingsun anyalametaké dhèwèké dalah pandhèrèké, A kajaba rabiné; iku kalebu wong kang padha kèri
وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَطَرًا ۖ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِينَ
Lan Ingsun anibani udan marang dhèwèké: Lah angen- angenen, kapriyé wasanané para wong kang padha dosa

Choose other languages: