Surah Al-Araf Ayahs #88 Translated in Jawa
وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِمْ مَطَرًا ۖ فَانْظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِينَ
Lan Ingsun anibani udan marang dhèwèké: Lah angen- angenen, kapriyé wasanané para wong kang padha dosa
وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ قَدْ جَاءَتْكُمْ بَيِّنَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ ۖ فَأَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيزَانَ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ أَشْيَاءَهُمْ وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Lan marang Ma- dyan sadu- luré, Syu’aib. Dhèwèké calathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangéranira: mulané padha dikebak ing panaker lan panim- bang sarta aja padha angèlongi barang-barangé wong, tuwin aja gawé wisuna ing bumi sawisé anggoné dibecikaké; iku luwih becik tumrapé sira manawa sira iku padha wong angèstu
وَلَا تَقْعُدُوا بِكُلِّ صِرَاطٍ تُوعِدُونَ وَتَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ مَنْ آمَنَ بِهِ وَتَبْغُونَهَا عِوَجًا ۚ وَاذْكُرُوا إِذْ كُنْتُمْ قَلِيلًا فَكَثَّرَكُمْ ۖ وَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِينَ
Lan aja padha angalang- alangi ing sawarnaning dalan wong kang angèstu ing Panjene- ngané, kalawan angancam sarta anyimpangaké saka dadalaning Allah, lan mamrih supaya iku malèncènga; sarta padha diéling nalikané sira iku sathithik, tumuli Panjenengané angakèhaké sira; lan padha angen-angenen, kapriyé wu- sanané para kang agawé wisuna
وَإِنْ كَانَ طَائِفَةٌ مِنْكُمْ آمَنُوا بِالَّذِي أُرْسِلْتُ بِهِ وَطَائِفَةٌ لَمْ يُؤْمِنُوا فَاصْبِرُوا حَتَّىٰ يَحْكُمَ اللَّهُ بَيْنَنَا ۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ
Lan manawa golonganira ana sapantha kang padha angèstu ing barang kang dakampil anggonku kautus, sarta ana sapantha kang padha ora angèstu, lah padha disabar nganti Allah amancasi antarané aku kabèh; lan Panjene- ngané iku becik-beciké para juru- mancasi
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِنْ قَوْمِهِ لَنُخْرِجَنَّكَ يَا شُعَيْبُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَكَ مِنْ قَرْيَتِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۚ قَالَ أَوَلَوْ كُنَّا كَارِهِينَ
Para kepala-kepalané bangsa- né kang padha gumedhé-gumedhé, acalathu: Yekti aku bakal nge- tokaké kowé, é, Syu’aib, sarta kancamu kang padha angèstu, saka kuthaku, utawa kowé balia ing agamaku. Dhèwèké calathu: Apa! apa sanajan aku gething
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
