Surah Al-Araf Ayahs #91 Translated in Jawa
وَإِنْ كَانَ طَائِفَةٌ مِنْكُمْ آمَنُوا بِالَّذِي أُرْسِلْتُ بِهِ وَطَائِفَةٌ لَمْ يُؤْمِنُوا فَاصْبِرُوا حَتَّىٰ يَحْكُمَ اللَّهُ بَيْنَنَا ۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ
Lan manawa golonganira ana sapantha kang padha angèstu ing barang kang dakampil anggonku kautus, sarta ana sapantha kang padha ora angèstu, lah padha disabar nganti Allah amancasi antarané aku kabèh; lan Panjene- ngané iku becik-beciké para juru- mancasi
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِنْ قَوْمِهِ لَنُخْرِجَنَّكَ يَا شُعَيْبُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَكَ مِنْ قَرْيَتِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۚ قَالَ أَوَلَوْ كُنَّا كَارِهِينَ
Para kepala-kepalané bangsa- né kang padha gumedhé-gumedhé, acalathu: Yekti aku bakal nge- tokaké kowé, é, Syu’aib, sarta kancamu kang padha angèstu, saka kuthaku, utawa kowé balia ing agamaku. Dhèwèké calathu: Apa! apa sanajan aku gething
قَدِ افْتَرَيْنَا عَلَى اللَّهِ كَذِبًا إِنْ عُدْنَا فِي مِلَّتِكُمْ بَعْدَ إِذْ نَجَّانَا اللَّهُ مِنْهَا ۚ وَمَا يَكُونُ لَنَا أَنْ نَعُودَ فِيهَا إِلَّا أَنْ يَشَاءَ اللَّهُ رَبُّنَا ۚ وَسِعَ رَبُّنَا كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۚ عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا ۚ رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِينَ
Tetep agawé goroh tumrap marang Allah aku, yèn ta aku padha balia ing agamamu, ing sawisé Allah anyalametaké aku saka ing kono; lan ora layak tumrapé aku, yèn ta aku padha balia mrono, kajaba manawa Allah, Pangéranku, angarsakaké: Pangéranku iku ngélmuné ang- limputi ing samubarang; marang Allah anggonku suméndhé. Pangé- ran kawula! mugi Tuwan amancasi antawisipun kawula sarta bangsa kawula kaliyan leres; sarta Tuwan punika saé-saénipun para juru- mancasi
وَقَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ قَوْمِهِ لَئِنِ اتَّبَعْتُمْ شُعَيْبًا إِنَّكُمْ إِذًا لَخَاسِرُونَ
Lan kepala-kepalaning bang- sané, para kang padha kafir, acalathua: Manawa kowé padha manut Syu’aib, sayekti kowé iku padha wong kapitunan
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ
Tumuli lindhu anekani dhè- wèké; mulané banjur padha dadi awak kang tan obah ana ing omahé
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
