Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #92 Translated in Jawa

قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِنْ قَوْمِهِ لَنُخْرِجَنَّكَ يَا شُعَيْبُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَكَ مِنْ قَرْيَتِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۚ قَالَ أَوَلَوْ كُنَّا كَارِهِينَ
Para kepala-kepalané bangsa- né kang padha gumedhé-gumedhé, acalathu: Yekti aku bakal nge- tokaké kowé, é, Syu’aib, sarta kancamu kang padha angèstu, saka kuthaku, utawa kowé balia ing agamaku. Dhèwèké calathu: Apa! apa sanajan aku gething
قَدِ افْتَرَيْنَا عَلَى اللَّهِ كَذِبًا إِنْ عُدْنَا فِي مِلَّتِكُمْ بَعْدَ إِذْ نَجَّانَا اللَّهُ مِنْهَا ۚ وَمَا يَكُونُ لَنَا أَنْ نَعُودَ فِيهَا إِلَّا أَنْ يَشَاءَ اللَّهُ رَبُّنَا ۚ وَسِعَ رَبُّنَا كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۚ عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا ۚ رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِينَ
Tetep agawé goroh tumrap marang Allah aku, yèn ta aku padha balia ing agamamu, ing sawisé Allah anyalametaké aku saka ing kono; lan ora layak tumrapé aku, yèn ta aku padha balia mrono, kajaba manawa Allah, Pangéranku, angarsakaké: Pangéranku iku ngélmuné ang- limputi ing samubarang; marang Allah anggonku suméndhé. Pangé- ran kawula! mugi Tuwan amancasi antawisipun kawula sarta bangsa kawula kaliyan leres; sarta Tuwan punika saé-saénipun para juru- mancasi
وَقَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ قَوْمِهِ لَئِنِ اتَّبَعْتُمْ شُعَيْبًا إِنَّكُمْ إِذًا لَخَاسِرُونَ
Lan kepala-kepalaning bang- sané, para kang padha kafir, acalathua: Manawa kowé padha manut Syu’aib, sayekti kowé iku padha wong kapitunan
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ
Tumuli lindhu anekani dhè- wèké; mulané banjur padha dadi awak kang tan obah ana ing omahé
الَّذِينَ كَذَّبُوا شُعَيْبًا كَأَنْ لَمْ يَغْنَوْا فِيهَا ۚ الَّذِينَ كَذَّبُوا شُعَيْبًا كَانُوا هُمُ الْخَاسِرِينَ
Para kang padha anggoro- haké Syu’aib dadi kaya-kaya ora tau manggon ana ing kono; para kang padha anggorohaké Syu’aib, iku para wong kang kapitunan

Choose other languages: