Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #78 Translated in Jawa

وَاذْكُرُوا إِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاءَ مِنْ بَعْدِ عَادٍ وَبَوَّأَكُمْ فِي الْأَرْضِ تَتَّخِذُونَ مِنْ سُهُولِهَا قُصُورًا وَتَنْحِتُونَ الْجِبَالَ بُيُوتًا ۖ فَاذْكُرُوا آلَاءَ اللَّهِ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ
Lan padha élinga nalikané Panjenengané andadèkaké sira dadi para pamaréntah ing sapung- kuré bangsa ‘Ada sarta anetepaké sira ana ing bumi – sira padha yasa pura ana ing tanahé rata sarta padha anatahi gunung minangka omah – mulané padha élinga kadarmaning Allah, sarta aja padha agawé piala ing bumi, agawé wisuna
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِنْ قَوْمِهِ لِلَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا لِمَنْ آمَنَ مِنْهُمْ أَتَعْلَمُونَ أَنَّ صَالِحًا مُرْسَلٌ مِنْ رَبِّهِ ۚ قَالُوا إِنَّا بِمَا أُرْسِلَ بِهِ مُؤْمِنُونَ
Kepala-kepalaning bangsané para kang padha gumedhé acalathu marang para kang padha ingang- gep apes, marang para kang padha angèstu saka ing antarané: Apa kowé padha weruh, yèn Shalih iku utusan saka Pangérané? Dhèwèké padha acalathu: Sayekti aku iki padha wong angèstu marang ba- rang kang diampil anggoné kautus
قَالَ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا بِالَّذِي آمَنْتُمْ بِهِ كَافِرُونَ
Para kang padha gumedhé acalathu: Sayekti aku iki para wong kang angafiri kang padha koèstu
فَعَقَرُوا النَّاقَةَ وَعَتَوْا عَنْ أَمْرِ رَبِّهِمْ وَقَالُوا يَا صَالِحُ ائْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِنْ كُنْتَ مِنَ الْمُرْسَلِينَ
Banjur padha ambelèh unta wadon iku sarta padha andaga paréntahing Pangérané lan padha acalathu: É, Shalih, tekakna ma- rang aku apa kang koancamaké ing aku manawa kowé iku éwoné para utusan
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ
Tumuli lindhu anekani dhè- wèké, banjur padha dadi awak kang ora obah ana ing omahé

Choose other languages: