Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #81 Translated in Jawa

فَعَقَرُوا النَّاقَةَ وَعَتَوْا عَنْ أَمْرِ رَبِّهِمْ وَقَالُوا يَا صَالِحُ ائْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِنْ كُنْتَ مِنَ الْمُرْسَلِينَ
Banjur padha ambelèh unta wadon iku sarta padha andaga paréntahing Pangérané lan padha acalathu: É, Shalih, tekakna ma- rang aku apa kang koancamaké ing aku manawa kowé iku éwoné para utusan
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ
Tumuli lindhu anekani dhè- wèké, banjur padha dadi awak kang ora obah ana ing omahé
فَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا قَوْمِ لَقَدْ أَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَةَ رَبِّي وَنَصَحْتُ لَكُمْ وَلَٰكِنْ لَا تُحِبُّونَ النَّاصِحِينَ
Tumuli dhèwèké aninggal kono kalawan calathu: É, bangsa- ku! Sayekti temen aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku sarta aku apitutur becik ing sira, ananging sira iku padha ora dhemen para juru-pitutur becik
وَلُوطًا إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ أَتَأْتُونَ الْفَاحِشَةَ مَا سَبَقَكُمْ بِهَا مِنْ أَحَدٍ مِنَ الْعَالَمِينَ
Lan Luth, nalikané acalathu marang bangsané: Apa! apa sira padha anindakaké panggawé nistha, kang ora ana wong siji-sijia ing jagad ing sadurungira kang nindakaké mangkono
إِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِنْ دُونِ النِّسَاءِ ۚ بَلْ أَنْتُمْ قَوْمٌ مُسْرِفُونَ
Sayekti sira iku padha aneka- ni karep karo padha wong lanang ora karo wong wadon, lah, sira iku bangsa kang langkah

Choose other languages: