Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #69 Translated in Jawa

وَإِلَىٰ عَادٍ أَخَاهُمْ هُودًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ
Lan marang ‘Ad saduluré, Hud. Dhèwèké acalathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané; lah apa ta sira ora arep anjaga dhiri
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي سَفَاهَةٍ وَإِنَّا لَنَظُنُّكَ مِنَ الْكَاذِبِينَ
Para panggedhéning bangsa- né para kang padha kafir acalathu: Sayekti panyawangku kowé iku ana ing sajroning kabodhoan, lan sayekti temen aku nyana, kowé iku éwoné para kang goroh
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي سَفَاهَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِنْ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana kabodhoané aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنَا لَكُمْ نَاصِحٌ أَمِينٌ
Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan aku iki juru-pitutur becik kang mitayani tumrap marang sira
أَوَعَجِبْتُمْ أَنْ جَاءَكُمْ ذِكْرٌ مِنْ رَبِّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ مِنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْ ۚ وَاذْكُرُوا إِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاءَ مِنْ بَعْدِ قَوْمِ نُوحٍ وَزَادَكُمْ فِي الْخَلْقِ بَسْطَةً ۖ فَاذْكُرُوا آلَاءَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Apa! Apa sira padha gumun, déné ana péling saka Pangéranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih angéli- ngaké sira? Lan padha angélingana nalikané Panjenengané andadè- kaké sira dadi para Pamaréntah ing sapungkuré umaté Nuh sarta amewahi sira ing dalem prakosa- ning dumadinira; mulané padha diéling marang paparingé Allah, supaya sira padha begja

Choose other languages: