Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #68 Translated in Jawa

فَكَذَّبُوهُ فَأَنْجَيْنَاهُ وَالَّذِينَ مَعَهُ فِي الْفُلْكِ وَأَغْرَقْنَا الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا عَمِينَ
Ananging padha anggorohaké dhèwèké, mulané Ingsun anyala- metaké dhèwèké dalasan para pandhèrèk ing prau, sarta Ingsun angèrem para kang padha ang- gorohaké ing timbalan-timbalan- Ingsun; sayekti dhèwèké iku bangsa kang wuta
وَإِلَىٰ عَادٍ أَخَاهُمْ هُودًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ
Lan marang ‘Ad saduluré, Hud. Dhèwèké acalathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané; lah apa ta sira ora arep anjaga dhiri
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي سَفَاهَةٍ وَإِنَّا لَنَظُنُّكَ مِنَ الْكَاذِبِينَ
Para panggedhéning bangsa- né para kang padha kafir acalathu: Sayekti panyawangku kowé iku ana ing sajroning kabodhoan, lan sayekti temen aku nyana, kowé iku éwoné para kang goroh
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي سَفَاهَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِنْ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana kabodhoané aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنَا لَكُمْ نَاصِحٌ أَمِينٌ
Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan aku iki juru-pitutur becik kang mitayani tumrap marang sira

Choose other languages: