Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #53 Translated in Jawa

أَهَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ أَقْسَمْتُمْ لَا يَنَالُهُمُ اللَّهُ بِرَحْمَةٍ ۚ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ لَا خَوْفٌ عَلَيْكُمْ وَلَا أَنْتُمْ تَحْزَنُونَ
Apa iki kang padha sira ban- dhani sepata, yèn ora bakal Allah anekakaké wilasa marang dhè- wèké? Padha malebua patamanan, ora bakal sira kataman wedi sarta ora bakal sira susah
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ النَّارِ أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَنْ أَفِيضُوا عَلَيْنَا مِنَ الْمَاءِ أَوْ مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ ۚ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ حَرَّمَهُمَا عَلَى الْكَافِرِينَ
Wong-wonging geni padha anguwuh wong-wonging patama- nan, panguwuhé: mbok padha angilingna banyu sathithik marang aku, utawa rezeki paparinging Allah marang kowé sathithik . Ca- lathuné: Sayekti Allah anglarangi karo pisan iku tumrap para kafir
الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَهْوًا وَلَعِبًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ فَالْيَوْمَ نَنْسَاهُمْ كَمَا نَسُوا لِقَاءَ يَوْمِهِمْ هَٰذَا وَمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ
Yaiku kang padha anganggep agamané minangka lalahan sarta dolanan, apa déné padha kacin- thung ing kauripan donya; mulané ing dina iki Ingsun anègakaké dhè- wèké, kaya déné anggoné dhèwèké wus padha anglirwakaké sapate- mon ing dinané iki sarta déning anggoné padha maido ing tim- balan-timbalan-Ingsun
وَلَقَدْ جِئْنَاهُمْ بِكِتَابٍ فَصَّلْنَاهُ عَلَىٰ عِلْمٍ هُدًى وَرَحْمَةً لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Lan sayekti temen Ingsun wus anekani Kitab dhèwèké, kang Ingsun wijang-wijangaké kalawan kawruh, minangka tuntunan lan wilasa tumrap para wong kang padha angèstu
هَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا تَأْوِيلَهُ ۚ يَوْمَ يَأْتِي تَأْوِيلُهُ يَقُولُ الَّذِينَ نَسُوهُ مِنْ قَبْلُ قَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ فَهَلْ لَنَا مِنْ شُفَعَاءَ فَيَشْفَعُوا لَنَا أَوْ نُرَدُّ فَنَعْمَلَ غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ ۚ قَدْ خَسِرُوا أَنْفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَفْتَرُونَ
Dhèwèké padha ngentèni apa ta, kajaba kawusanané iku? Ing dina tekaning kawusanané, para kang mauné padha anglirwakaké iku, bakal calathu: Temen wus rawuh para utusaning Pangéranku anggawa yakti; lah apa ta sameng- ko aku duwé juru-syafa’at kang banjur padha amakolèhaké marang aku? Utawa apa ta aku iki kena padha dibalèkaké, supaya aku padha anglakoni liya- né kang wis padha daklakoni? Temen dhèwèké padha amitunani jiwané dhéwé, lan sabarang gogo- rohan gawèané wus ilang saka ing awaké

Choose other languages: