Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #47 Translated in Jawa

وَنَزَعْنَا مَا فِي صُدُورِهِمْ مِنْ غِلٍّ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهِمُ الْأَنْهَارُ ۖ وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ ۖ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ ۖ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Lan Ingsun angilangi saba- rang pangigit-igit kang ana ing sajroning dhadhané; kali-kaliné pa- dha mili sangisoré dhèwèké, sarta padha calathu: Sadaya pangalem- bana kagunganipun Allah, Ingkang sampun anuntun kawula dhateng punika, saha boten badhé kawula angambah margi punika manawi ta Allah botena anuntun kawula; saèstu sampun rawuh para utusanipun Pangéran kawula ambekta yakti. Lan bakal diuwuhaké marang dhèwèké, yèn iku patamanan, kang diwarisaké marang sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابَ النَّارِ أَنْ قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا فَهَلْ وَجَدْتُمْ مَا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّا ۖ قَالُوا نَعَمْ ۚ فَأَذَّنَ مُؤَذِّنٌ بَيْنَهُمْ أَنْ لَعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الظَّالِمِينَ
Wong-wonging patamanan bakal padha anguwuh wong- wonging geni: Sayekti, apa saguhé Pangéranku marang aku, aku wis nemu nyata; lah apa kowé iya padha nemu nyata apa saguhé Pangéranmu? Calathuné: Iya. Tu- muli antarané dhèwèké ana juru- nguwuh anguwuh-uwuh, yèn we- welaking Allah tumiba marang para kang atindak dudu
الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُمْ بِالْآخِرَةِ كَافِرُونَ
Yaiku kang padha angèng- gokaké awaké saka dadalaning Allah, lan padha mamrih iku bèngkonga, lan dhèwèké iku para wong kafir marang akhirat
وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌ ۚ وَعَلَى الْأَعْرَافِ رِجَالٌ يَعْرِفُونَ كُلًّا بِسِيمَاهُمْ ۚ وَنَادَوْا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَنْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۚ لَمْ يَدْخُلُوهَا وَهُمْ يَطْمَعُونَ
Lan saantarané sakaroné ana aling-alingé; lan ing panggonan- panggonan kang luhur ana wongé kang padha weruh marang sakabèhé déning tetengeré; lan pa- dha anguwuh-uwuh marang wong- wonging patamanan: Rahayu muga tetepa ing sira; durung bakal padha malebu mrono, sanajan padha angajap-ajapa
وَإِذَا صُرِفَتْ أَبْصَارُهُمْ تِلْقَاءَ أَصْحَابِ النَّارِ قَالُوا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan samangsa pandelengé diènggokaké marang peneré wong- wonging geni, padha munjuk: Pangéran kawula, mugi kawula sampun Tuwan dadosaken golo- nganipun titiyang ingkang sami atindak dédé

Choose other languages: