Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #48 Translated in Jawa

وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابَ النَّارِ أَنْ قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا فَهَلْ وَجَدْتُمْ مَا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّا ۖ قَالُوا نَعَمْ ۚ فَأَذَّنَ مُؤَذِّنٌ بَيْنَهُمْ أَنْ لَعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الظَّالِمِينَ
Wong-wonging patamanan bakal padha anguwuh wong- wonging geni: Sayekti, apa saguhé Pangéranku marang aku, aku wis nemu nyata; lah apa kowé iya padha nemu nyata apa saguhé Pangéranmu? Calathuné: Iya. Tu- muli antarané dhèwèké ana juru- nguwuh anguwuh-uwuh, yèn we- welaking Allah tumiba marang para kang atindak dudu
الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُمْ بِالْآخِرَةِ كَافِرُونَ
Yaiku kang padha angèng- gokaké awaké saka dadalaning Allah, lan padha mamrih iku bèngkonga, lan dhèwèké iku para wong kafir marang akhirat
وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌ ۚ وَعَلَى الْأَعْرَافِ رِجَالٌ يَعْرِفُونَ كُلًّا بِسِيمَاهُمْ ۚ وَنَادَوْا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَنْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۚ لَمْ يَدْخُلُوهَا وَهُمْ يَطْمَعُونَ
Lan saantarané sakaroné ana aling-alingé; lan ing panggonan- panggonan kang luhur ana wongé kang padha weruh marang sakabèhé déning tetengeré; lan pa- dha anguwuh-uwuh marang wong- wonging patamanan: Rahayu muga tetepa ing sira; durung bakal padha malebu mrono, sanajan padha angajap-ajapa
وَإِذَا صُرِفَتْ أَبْصَارُهُمْ تِلْقَاءَ أَصْحَابِ النَّارِ قَالُوا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan samangsa pandelengé diènggokaké marang peneré wong- wonging geni, padha munjuk: Pangéran kawula, mugi kawula sampun Tuwan dadosaken golo- nganipun titiyang ingkang sami atindak dédé
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْأَعْرَافِ رِجَالًا يَعْرِفُونَهُمْ بِسِيمَاهُمْ قَالُوا مَا أَغْنَىٰ عَنْكُمْ جَمْعُكُمْ وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُونَ
Para kang manggon ing papan-papan kang luhur padha anguwuh-uwuh marang wong- wong kang padha kinawruhan déning tetengeré, calathuné: Ora migunani ing sira éntukmu keklumpuk, mangkono uga anggonira padha gumedhé

Choose other languages: