Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #49 Translated in Jawa

الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُمْ بِالْآخِرَةِ كَافِرُونَ
Yaiku kang padha angèng- gokaké awaké saka dadalaning Allah, lan padha mamrih iku bèngkonga, lan dhèwèké iku para wong kafir marang akhirat
وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌ ۚ وَعَلَى الْأَعْرَافِ رِجَالٌ يَعْرِفُونَ كُلًّا بِسِيمَاهُمْ ۚ وَنَادَوْا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَنْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۚ لَمْ يَدْخُلُوهَا وَهُمْ يَطْمَعُونَ
Lan saantarané sakaroné ana aling-alingé; lan ing panggonan- panggonan kang luhur ana wongé kang padha weruh marang sakabèhé déning tetengeré; lan pa- dha anguwuh-uwuh marang wong- wonging patamanan: Rahayu muga tetepa ing sira; durung bakal padha malebu mrono, sanajan padha angajap-ajapa
وَإِذَا صُرِفَتْ أَبْصَارُهُمْ تِلْقَاءَ أَصْحَابِ النَّارِ قَالُوا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan samangsa pandelengé diènggokaké marang peneré wong- wonging geni, padha munjuk: Pangéran kawula, mugi kawula sampun Tuwan dadosaken golo- nganipun titiyang ingkang sami atindak dédé
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْأَعْرَافِ رِجَالًا يَعْرِفُونَهُمْ بِسِيمَاهُمْ قَالُوا مَا أَغْنَىٰ عَنْكُمْ جَمْعُكُمْ وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُونَ
Para kang manggon ing papan-papan kang luhur padha anguwuh-uwuh marang wong- wong kang padha kinawruhan déning tetengeré, calathuné: Ora migunani ing sira éntukmu keklumpuk, mangkono uga anggonira padha gumedhé
أَهَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ أَقْسَمْتُمْ لَا يَنَالُهُمُ اللَّهُ بِرَحْمَةٍ ۚ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ لَا خَوْفٌ عَلَيْكُمْ وَلَا أَنْتُمْ تَحْزَنُونَ
Apa iki kang padha sira ban- dhani sepata, yèn ora bakal Allah anekakaké wilasa marang dhè- wèké? Padha malebua patamanan, ora bakal sira kataman wedi sarta ora bakal sira susah

Choose other languages: