Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #174 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ يُمَسِّكُونَ بِالْكِتَابِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ إِنَّا لَا نُضِيعُ أَجْرَ الْمُصْلِحِينَ
Wondéné para kang padha gondhèlan marang Kitab lan padha anjumenengaké salat, _ sayekti, Ingsun ora angilangaké ganjarané wong kang padha agawé becik
وَإِذْ نَتَقْنَا الْجَبَلَ فَوْقَهُمْ كَأَنَّهُ ظُلَّةٌ وَظَنُّوا أَنَّهُ وَاقِعٌ بِهِمْ خُذُوا مَا آتَيْنَاكُمْ بِقُوَّةٍ وَاذْكُرُوا مَا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Lan nalikané Ingsun ango- yag gunung ing sadhuwuré dhèwèké, kaya-kaya iku payon, lan padha nyana, yèn iku bakal anibani awaké: Padha gondhèlana kalawan kukuh apa kang wus Ingsun paringaké marang sira sarta padha angélingana apa kang ana ing jeroné, supaya sira padha anjaga dhiri saka ing ala
وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِنْ بَنِي آدَمَ مِنْ ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَىٰ أَنْفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ ۖ قَالُوا بَلَىٰ ۛ شَهِدْنَا ۛ أَنْ تَقُولُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ إِنَّا كُنَّا عَنْ هَٰذَا غَافِلِينَ
Lan nalikané Pangéranira andadèkaké turuning anak-anak Adam saka ing gegeré sarta aneksekaké dhèwèké atas jiwa-jiwané dhéwé: Apa Ingsun iki dudu Pangéranira? padha munjuk: Inggih, kawula sami aneksèni. Supaya sira ing dina kiyamat ora bakal angucap: Saèstu, kawula punika, tumrap punika sami léna
أَوْ تَقُولُوا إِنَّمَا أَشْرَكَ آبَاؤُنَا مِنْ قَبْلُ وَكُنَّا ذُرِّيَّةً مِنْ بَعْدِهِمْ ۖ أَفَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ الْمُبْطِلُونَ
Utawa sira ora bakal padha ngucap: Namung bapak-bapak kawula ingkang kala rumiyin anjèjèraken sarta kawula punika turun ing sapengkeripun; lah puna- pa Tuwan badhé anglebur kawula amargi saking pandamelipun para ingkang atindak lepat
وَكَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ وَلَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan, lan supayané manawa-manawa dhèwèké bakal padha bali

Choose other languages: