Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #16 Translated in Jawa

قَالَ مَا مَنَعَكَ أَلَّا تَسْجُدَ إِذْ أَمَرْتُكَ ۖ قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِنْهُ خَلَقْتَنِي مِنْ نَارٍ وَخَلَقْتَهُ مِنْ طِينٍ
Panjenengané angandika: Apa ta kang angalang-alangi sira, déné sira ora sujud nalikané aku marén- tahi sira? Unjuké: Kula langkung saé tinimbang piyambakipun: Tu- wan andadosaken kula saking latu, sarta Tuwan andadosaken piyam- bakipun saking lebu
قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُونُ لَكَ أَنْ تَتَكَبَّرَ فِيهَا فَاخْرُجْ إِنَّكَ مِنَ الصَّاغِرِينَ
Panjenengané ngandika: Lah, lungaa saka ing kono amarga ora mungguh tumrapé sira, yèn ta gumedhéa ana ing kono, mulané metua; sayekti sira iku golongané kang padha asor
قَالَ أَنْظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ
Unjuké: Mugi kula Tuwan paringi sumené dumugi ing din- tenipun titiyang sami dipun tangèkaken
قَالَ إِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِينَ
Pangandikané: sayekti sira iku golongané kang padha pina- ringan sumené
قَالَ فَبِمَا أَغْوَيْتَنِي لَأَقْعُدَنَّ لَهُمْ صِرَاطَكَ الْمُسْتَقِيمَ
Unjuké: Ing sarèhné Tuwan sampun adamel cuwa ing kula, saèstu kula badhé angadhang ambidhung piyambakipun ing margi Tuwan ingkang leres

Choose other languages: