Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #17 Translated in Jawa

قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُونُ لَكَ أَنْ تَتَكَبَّرَ فِيهَا فَاخْرُجْ إِنَّكَ مِنَ الصَّاغِرِينَ
Panjenengané ngandika: Lah, lungaa saka ing kono amarga ora mungguh tumrapé sira, yèn ta gumedhéa ana ing kono, mulané metua; sayekti sira iku golongané kang padha asor
قَالَ أَنْظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ
Unjuké: Mugi kula Tuwan paringi sumené dumugi ing din- tenipun titiyang sami dipun tangèkaken
قَالَ إِنَّكَ مِنَ الْمُنْظَرِينَ
Pangandikané: sayekti sira iku golongané kang padha pina- ringan sumené
قَالَ فَبِمَا أَغْوَيْتَنِي لَأَقْعُدَنَّ لَهُمْ صِرَاطَكَ الْمُسْتَقِيمَ
Unjuké: Ing sarèhné Tuwan sampun adamel cuwa ing kula, saèstu kula badhé angadhang ambidhung piyambakipun ing margi Tuwan ingkang leres
ثُمَّ لَآتِيَنَّهُمْ مِنْ بَيْنِ أَيْدِيهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ وَعَنْ أَيْمَانِهِمْ وَعَنْ شَمَائِلِهِمْ ۖ وَلَا تَجِدُ أَكْثَرَهُمْ شَاكِرِينَ
Tumunten saèstu kula badhé andhatengi piyambakipun saking ngajengipun sarta saking wing- kingipun tuwin saking tengenipun punapa déné saking kiwanipun; saha Tuwan badhé manoni kathah- kathahipun sami boten atur panu- wun

Choose other languages: