Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #57 Translated in Jawa

وَكَذَٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُمْ بِبَعْضٍ لِيَقُولُوا أَهَٰؤُلَاءِ مَنَّ اللَّهُ عَلَيْهِمْ مِنْ بَيْنِنَا ۗ أَلَيْسَ اللَّهُ بِأَعْلَمَ بِالشَّاكِرِينَ
Lan kaya mangkono anggon- Ingsun anyoba sawenèhé déning liyané, dimèn padha ngucap: Apa iki wong-wong panungggalané golonganku, kang wus kapari- ngan kanugrahan déning Allah? Apa Allah iku ora luwih udani marang para kang padha weruh ing panarima
وَإِذَا جَاءَكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِنَا فَقُلْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۖ كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۖ أَنَّهُ مَنْ عَمِلَ مِنْكُمْ سُوءًا بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابَ مِنْ بَعْدِهِ وَأَصْلَحَ فَأَنَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan kalané para kang padha angèstu marang timbalan-timba- lan-Ingsun teka marang sira, lah calathonana: Rahayu tumibaa ing sira, Pangéran wus anggaris wilasa tumrap marang Sarira-Né, yaiku, sira sapa sing atindak ala amarga saka ora weruhé, sawisé iku tumuli tobat sarta alaku becik, lah Panje- nengané iku Aparamarta, Maha- asih
وَكَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ وَلِتَسْتَبِينَ سَبِيلُ الْمُجْرِمِينَ
Lan kaya mangkono Ingsun amijang-mijangaké timbalan-tim- balan, lan supaya dadi cetha dadalané para kang padha dosa iku
قُلْ إِنِّي نُهِيتُ أَنْ أَعْبُدَ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ ۚ قُلْ لَا أَتَّبِعُ أَهْوَاءَكُمْ ۙ قَدْ ضَلَلْتُ إِذًا وَمَا أَنَا مِنَ الْمُهْتَدِينَ
Calathua: Sayekti aku iki dilarangi alaladi marang kang padha sira uwuh saliyané Allah. Calathua: Aku ora manut hawa- nafsunira, amarga yèn mangkono, temen aku iki sasar sarta ora kagolong wong kang padha olèh tuntunan
قُلْ إِنِّي عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِنْ رَبِّي وَكَذَّبْتُمْ بِهِ ۚ مَا عِنْدِي مَا تَسْتَعْجِلُونَ بِهِ ۚ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۖ يَقُصُّ الْحَقَّ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الْفَاصِلِينَ
Calathua: Sayekti aku iki angemban tandha yekti cetha saka Pangéranku lan iku kowé padha anggorohaké; ora ana ing aku apa kang padha kogégé; pancasané iku mung ana ing Allah piyambak; Panjenengané anyariyosaké yekti sarta Panjenengané iku becik- beciké para juru-mancasi

Choose other languages: