Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #60 Translated in Jawa

قُلْ إِنِّي نُهِيتُ أَنْ أَعْبُدَ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ ۚ قُلْ لَا أَتَّبِعُ أَهْوَاءَكُمْ ۙ قَدْ ضَلَلْتُ إِذًا وَمَا أَنَا مِنَ الْمُهْتَدِينَ
Calathua: Sayekti aku iki dilarangi alaladi marang kang padha sira uwuh saliyané Allah. Calathua: Aku ora manut hawa- nafsunira, amarga yèn mangkono, temen aku iki sasar sarta ora kagolong wong kang padha olèh tuntunan
قُلْ إِنِّي عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِنْ رَبِّي وَكَذَّبْتُمْ بِهِ ۚ مَا عِنْدِي مَا تَسْتَعْجِلُونَ بِهِ ۚ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۖ يَقُصُّ الْحَقَّ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الْفَاصِلِينَ
Calathua: Sayekti aku iki angemban tandha yekti cetha saka Pangéranku lan iku kowé padha anggorohaké; ora ana ing aku apa kang padha kogégé; pancasané iku mung ana ing Allah piyambak; Panjenengané anyariyosaké yekti sarta Panjenengané iku becik- beciké para juru-mancasi
قُلْ لَوْ أَنَّ عِنْدِي مَا تَسْتَعْجِلُونَ بِهِ لَقُضِيَ الْأَمْرُ بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۗ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِالظَّالِمِينَ
Calathua: Yèn ta apa kang padha kogégé iku anaa ing aku, amasthi prakara antarané aku lan kowé iku wis kapupus; lan Allah iku luwih angudanèni marang para atindak dudu
وَعِنْدَهُ مَفَاتِحُ الْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَا إِلَّا هُوَ ۚ وَيَعْلَمُ مَا فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۚ وَمَا تَسْقُطُ مِنْ وَرَقَةٍ إِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِي ظُلُمَاتِ الْأَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَلَا يَابِسٍ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
Lan ana ing Panjenengané gedhonging barang kang ora katon iku – ora ana nyumurupi kajaba Panjenengané; lan Panjene- ngané iku angudanéni apa kang ana ing daratan lan sagara; lan ora ana godhong runtuh, kajaba Pan- jenengané angudanéni, mangkono manèh ora ana wiji ing sajroné petenging bumi, apa déné ora ana barang sing ijo utawa garing, kajaba ing sajroning kitab kang cetha
وَهُوَ الَّذِي يَتَوَفَّاكُمْ بِاللَّيْلِ وَيَعْلَمُ مَا جَرَحْتُمْ بِالنَّهَارِ ثُمَّ يَبْعَثُكُمْ فِيهِ لِيُقْضَىٰ أَجَلٌ مُسَمًّى ۖ ثُمَّ إِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ ثُمَّ يُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Lan Panjenengané iku Kang mundhut jiwanira ing wengi sarta Panjenengané angudanéni apa kang padha sira pakolih ing raina; tumuli Panjene- ngané anangèkaké sira ana ing kono, supaya pinutus wawangen kang wus tinamtu; tumuli marang Panjenengané balinira; banjur Pan- jenengané amartani sira sabarang kang wus padha sira lakoni

Choose other languages: