Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #163 Translated in Jawa

إِنَّ الَّذِينَ فَرَّقُوا دِينَهُمْ وَكَانُوا شِيَعًا لَسْتَ مِنْهُمْ فِي شَيْءٍ ۚ إِنَّمَا أَمْرُهُمْ إِلَى اللَّهِ ثُمَّ يُنَبِّئُهُمْ بِمَا كَانُوا يَفْعَلُونَ
Dhèwèké padha ora angen- tèni apa-apa, kajaba tekané para malaikat marang dhèwèké, utawa rawuhé Pangéranira, utawa teka- né sawenèhing tandha-tandhané Pangéranira. Ing dina bakal tekané sawenèhing tandha-tandhané Pa- ngéranira, sawijining jiwa kang ing sadurungé iku ora angèstu, ora bakal piandelé maédahi, utawa apakolèh kabecikan amarga saka piandelé. Calathua: Padha angentènana, mangkono uga aku iya angentèni
مَنْ جَاءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا ۖ وَمَنْ جَاءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزَىٰ إِلَّا مِثْلَهَا وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
Sayekti para kang padha amecah-mecah agamané sarta padha dadi panthan-panthan, ora pisan sira kalebu ing golongané; prakarané dhèwèké iku mung gu- mantung marang Allah, tumuli Panjenengané bakal amartani dhè- wèké apa kang wus padha dilakoni
قُلْ إِنَّنِي هَدَانِي رَبِّي إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ دِينًا قِيَمًا مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۚ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Sapa kang teka kalawan ka- becikan, bakal olèh sapuluh mono, lah sapa sing teka kalawan pang- gawé ala, lah ora bakal winales kajaba satimbangé, sarta ora bakal padha dianiaya
قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Calathua: aku, sayekti Pangéranku wus anuntun aku marang dalan kang bener, agama kang bener, agama- né Ibrahim, wong tulus, sarta dudu golongané para manembah pangé- ran-akèh
لَا شَرِيكَ لَهُ ۖ وَبِذَٰلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِينَ
Calathua: Sayekti salatku, lan pangorbananku sarta uripku tuwin matiku iku kagu- ngané Allah, Pangéraning ngalam kabèh

Choose other languages: