Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #36 Translated in Jawa

قَالَتْ فَذَٰلِكُنَّ الَّذِي لُمْتُنَّنِي فِيهِ ۖ وَلَقَدْ رَاوَدْتُهُ عَنْ نَفْسِهِ فَاسْتَعْصَمَ ۖ وَلَئِنْ لَمْ يَفْعَلْ مَا آمُرُهُ لَيُسْجَنَنَّ وَلَيَكُونًا مِنَ الصَّاغِرِينَ
cala- thu: Lah yaiki wongé kang dadi karanané kowé padha nyatur aku, lan temen aku ngarah tumiyung dhèwèké , ananging dhèwèké anyegah : lan lamun dhèwèké ora anglaksani apa paréntahku marang dhèwèké mas- thi bakal dikunjara sarta masthi bakal dadi golongané wong rucah- rucah
قَالَ رَبِّ السِّجْنُ أَحَبُّ إِلَيَّ مِمَّا يَدْعُونَنِي إِلَيْهِ ۖ وَإِلَّا تَصْرِفْ عَنِّي كَيْدَهُنَّ أَصْبُ إِلَيْهِنَّ وَأَكُنْ مِنَ الْجَاهِلِينَ
Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! kunjara punika tumrap- ipun kawula langkung kawula remeni tinimbang nuruti pangajak- ipun titiyang punika dhateng kawula; sarta manawi Tuwan bo- ten anebihaken pangrancananipun saking kawula, kawula badhé kapéncut dhateng piyambakipun sarta badhé dados golonganipun para titiyang bodho
فَاسْتَجَابَ لَهُ رَبُّهُ فَصَرَفَ عَنْهُ كَيْدَهُنَّ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Tumuli Pangérané anyem- badani panyuwuné banjur ange- dohaké pangrancanané saka ing dhéwéké; sayekti Panjenengané Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda- nèni
ثُمَّ بَدَا لَهُمْ مِنْ بَعْدِ مَا رَأَوُا الْآيَاتِ لَيَسْجُنُنَّهُ حَتَّىٰ حِينٍ
Tumuli, ing sawisé padha weruh pratandha-pratandha, padha duwé panemu, dhèwèké kudu dikunjara nganti sawatara mang- sa
وَدَخَلَ مَعَهُ السِّجْنَ فَتَيَانِ ۖ قَالَ أَحَدُهُمَا إِنِّي أَرَانِي أَعْصِرُ خَمْرًا ۖ وَقَالَ الْآخَرُ إِنِّي أَرَانِي أَحْمِلُ فَوْقَ رَأْسِي خُبْزًا تَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْهُ ۖ نَبِّئْنَا بِتَأْوِيلِهِ ۖ إِنَّا نَرَاكَ مِنَ الْمُحْسِنِينَ
Lan ana nonoman loro lume- bu kunjara ambarengi dhèwèké. Kang siji calathu: Pandelengku aku meres anggur. Lan sijiné calathu: Pandelengku aku nyunggi roti, iku padha dipangan manuk. Aku padha terangna marang pradikané; sayek- ti, panyawangku, kowé iku golo- ngané wong-wong kang atindak becik

Choose other languages: