Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #38 Translated in Jawa

فَاسْتَجَابَ لَهُ رَبُّهُ فَصَرَفَ عَنْهُ كَيْدَهُنَّ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Tumuli Pangérané anyem- badani panyuwuné banjur ange- dohaké pangrancanané saka ing dhéwéké; sayekti Panjenengané Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda- nèni
ثُمَّ بَدَا لَهُمْ مِنْ بَعْدِ مَا رَأَوُا الْآيَاتِ لَيَسْجُنُنَّهُ حَتَّىٰ حِينٍ
Tumuli, ing sawisé padha weruh pratandha-pratandha, padha duwé panemu, dhèwèké kudu dikunjara nganti sawatara mang- sa
وَدَخَلَ مَعَهُ السِّجْنَ فَتَيَانِ ۖ قَالَ أَحَدُهُمَا إِنِّي أَرَانِي أَعْصِرُ خَمْرًا ۖ وَقَالَ الْآخَرُ إِنِّي أَرَانِي أَحْمِلُ فَوْقَ رَأْسِي خُبْزًا تَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْهُ ۖ نَبِّئْنَا بِتَأْوِيلِهِ ۖ إِنَّا نَرَاكَ مِنَ الْمُحْسِنِينَ
Lan ana nonoman loro lume- bu kunjara ambarengi dhèwèké. Kang siji calathu: Pandelengku aku meres anggur. Lan sijiné calathu: Pandelengku aku nyunggi roti, iku padha dipangan manuk. Aku padha terangna marang pradikané; sayek- ti, panyawangku, kowé iku golo- ngané wong-wong kang atindak becik
قَالَ لَا يَأْتِيكُمَا طَعَامٌ تُرْزَقَانِهِ إِلَّا نَبَّأْتُكُمَا بِتَأْوِيلِهِ قَبْلَ أَنْ يَأْتِيَكُمَا ۚ ذَٰلِكُمَا مِمَّا عَلَّمَنِي رَبِّي ۚ إِنِّي تَرَكْتُ مِلَّةَ قَوْمٍ لَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَهُمْ بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ
Wangsulané: Pangan kang di- ingokaké marang kowé ora bakal tumeka ing kowé sakaroné, ana- nging aku bakal anerangaké ing kowé sakaroné marang pradikané, sadurungé iku tumeka marang kowé sakaroné: iki saka pamu- langé Pangéranku marang aku: sayekti aku iki ninggal agamané wong kang ora padha angèstu ing Allah sarta marang akhirat dhè- wèké padha maido
وَاتَّبَعْتُ مِلَّةَ آبَائِي إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۚ مَا كَانَ لَنَا أَنْ نُشْرِكَ بِاللَّهِ مِنْ شَيْءٍ ۚ ذَٰلِكَ مِنْ فَضْلِ اللَّهِ عَلَيْنَا وَعَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُونَ
Sarta aku manut agamané bapak-bapakku, Ibrahim lan Ishaq lan Ya’qub; ora mungguh tumrapé aku yèn anyakuthokna sawiji-wiji kalawan Allah: Iki saka lubèring paparingé Allah marang aku lan marang kamanusan, ananging akèh-akèhing manusa ora padha atur panuwun

Choose other languages: