Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #40 Translated in Jawa

وَدَخَلَ مَعَهُ السِّجْنَ فَتَيَانِ ۖ قَالَ أَحَدُهُمَا إِنِّي أَرَانِي أَعْصِرُ خَمْرًا ۖ وَقَالَ الْآخَرُ إِنِّي أَرَانِي أَحْمِلُ فَوْقَ رَأْسِي خُبْزًا تَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْهُ ۖ نَبِّئْنَا بِتَأْوِيلِهِ ۖ إِنَّا نَرَاكَ مِنَ الْمُحْسِنِينَ
Lan ana nonoman loro lume- bu kunjara ambarengi dhèwèké. Kang siji calathu: Pandelengku aku meres anggur. Lan sijiné calathu: Pandelengku aku nyunggi roti, iku padha dipangan manuk. Aku padha terangna marang pradikané; sayek- ti, panyawangku, kowé iku golo- ngané wong-wong kang atindak becik
قَالَ لَا يَأْتِيكُمَا طَعَامٌ تُرْزَقَانِهِ إِلَّا نَبَّأْتُكُمَا بِتَأْوِيلِهِ قَبْلَ أَنْ يَأْتِيَكُمَا ۚ ذَٰلِكُمَا مِمَّا عَلَّمَنِي رَبِّي ۚ إِنِّي تَرَكْتُ مِلَّةَ قَوْمٍ لَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَهُمْ بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ
Wangsulané: Pangan kang di- ingokaké marang kowé ora bakal tumeka ing kowé sakaroné, ana- nging aku bakal anerangaké ing kowé sakaroné marang pradikané, sadurungé iku tumeka marang kowé sakaroné: iki saka pamu- langé Pangéranku marang aku: sayekti aku iki ninggal agamané wong kang ora padha angèstu ing Allah sarta marang akhirat dhè- wèké padha maido
وَاتَّبَعْتُ مِلَّةَ آبَائِي إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۚ مَا كَانَ لَنَا أَنْ نُشْرِكَ بِاللَّهِ مِنْ شَيْءٍ ۚ ذَٰلِكَ مِنْ فَضْلِ اللَّهِ عَلَيْنَا وَعَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُونَ
Sarta aku manut agamané bapak-bapakku, Ibrahim lan Ishaq lan Ya’qub; ora mungguh tumrapé aku yèn anyakuthokna sawiji-wiji kalawan Allah: Iki saka lubèring paparingé Allah marang aku lan marang kamanusan, ananging akèh-akèhing manusa ora padha atur panuwun
يَا صَاحِبَيِ السِّجْنِ أَأَرْبَابٌ مُتَفَرِّقُونَ خَيْرٌ أَمِ اللَّهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ
Dhuh kancaku sapakunjaran sakaroné, apa sesembahan mawar- na-warna iki kang luwih becik, apa ta Allah, Ingkang-Maha-tunggal, Ingkang-Winenang
مَا تَعْبُدُونَ مِنْ دُونِهِ إِلَّا أَسْمَاءً سَمَّيْتُمُوهَا أَنْتُمْ وَآبَاؤُكُمْ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ بِهَا مِنْ سُلْطَانٍ ۚ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۚ أَمَرَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Kowé padha ngawulani sali- yané Panjenengané iku ora liya kajaba mung jeneng-jeneng kang padha koarani, kowé lan bapak- bapakmu, Allah ora anurunaké wisésa tumrap iku; pancasan iku mung kagunganing Allah; Panje- nengané wus andhawuhaké kowé aja padha ngawula kajaba marang Panjenengané; iki agama kang jejeg, ananging akèh-akèhé ma- nusa padha ora weruh

Choose other languages: