Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #35 Translated in Jawa

فَلَمَّا سَمِعَتْ بِمَكْرِهِنَّ أَرْسَلَتْ إِلَيْهِنَّ وَأَعْتَدَتْ لَهُنَّ مُتَّكَأً وَآتَتْ كُلَّ وَاحِدَةٍ مِنْهُنَّ سِكِّينًا وَقَالَتِ اخْرُجْ عَلَيْهِنَّ ۖ فَلَمَّا رَأَيْنَهُ أَكْبَرْنَهُ وَقَطَّعْنَ أَيْدِيَهُنَّ وَقُلْنَ حَاشَ لِلَّهِ مَا هَٰذَا بَشَرًا إِنْ هَٰذَا إِلَّا مَلَكٌ كَرِيمٌ
Lah bareng si wadon ngrungu pangrancanané banjur padha disuruhi sarta padha disadhiyani bojana, apa déné siji-sijiné padha diwènèhi lading, sarta calathu : Padha wetonana. Lah bareng padha nyawang dhèwèké, padha angegungaké sarta tangané padha kiris , tuwin padha calathu: Adoh Allah iku ; dudu manusa iki; ora liya iki kajaba malaikat kang minulya
قَالَتْ فَذَٰلِكُنَّ الَّذِي لُمْتُنَّنِي فِيهِ ۖ وَلَقَدْ رَاوَدْتُهُ عَنْ نَفْسِهِ فَاسْتَعْصَمَ ۖ وَلَئِنْ لَمْ يَفْعَلْ مَا آمُرُهُ لَيُسْجَنَنَّ وَلَيَكُونًا مِنَ الصَّاغِرِينَ
cala- thu: Lah yaiki wongé kang dadi karanané kowé padha nyatur aku, lan temen aku ngarah tumiyung dhèwèké , ananging dhèwèké anyegah : lan lamun dhèwèké ora anglaksani apa paréntahku marang dhèwèké mas- thi bakal dikunjara sarta masthi bakal dadi golongané wong rucah- rucah
قَالَ رَبِّ السِّجْنُ أَحَبُّ إِلَيَّ مِمَّا يَدْعُونَنِي إِلَيْهِ ۖ وَإِلَّا تَصْرِفْ عَنِّي كَيْدَهُنَّ أَصْبُ إِلَيْهِنَّ وَأَكُنْ مِنَ الْجَاهِلِينَ
Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! kunjara punika tumrap- ipun kawula langkung kawula remeni tinimbang nuruti pangajak- ipun titiyang punika dhateng kawula; sarta manawi Tuwan bo- ten anebihaken pangrancananipun saking kawula, kawula badhé kapéncut dhateng piyambakipun sarta badhé dados golonganipun para titiyang bodho
فَاسْتَجَابَ لَهُ رَبُّهُ فَصَرَفَ عَنْهُ كَيْدَهُنَّ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Tumuli Pangérané anyem- badani panyuwuné banjur ange- dohaké pangrancanané saka ing dhéwéké; sayekti Panjenengané Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda- nèni
ثُمَّ بَدَا لَهُمْ مِنْ بَعْدِ مَا رَأَوُا الْآيَاتِ لَيَسْجُنُنَّهُ حَتَّىٰ حِينٍ
Tumuli, ing sawisé padha weruh pratandha-pratandha, padha duwé panemu, dhèwèké kudu dikunjara nganti sawatara mang- sa

Choose other languages: