Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #106 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ مِنْ أَنْبَاءِ الْغَيْبِ نُوحِيهِ إِلَيْكَ ۖ وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ إِذْ أَجْمَعُوا أَمْرَهُمْ وَهُمْ يَمْكُرُونَ
Iki kalebu pawarta-pawarta prakara kang ora katon, Ingsun wedhar marang kowé, lan kowé ora nungkuli dhèwèké nali- kané padha amutusi prakarané lan padha angrancang paékan
وَمَا أَكْثَرُ النَّاسِ وَلَوْ حَرَصْتَ بِمُؤْمِنِينَ
Lan akèh-akèhé manusa ora bakal padha pracaya sanajan ba- nget kapénginira
وَمَا تَسْأَلُهُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِلْعَالَمِينَ
Lan ingatasé iki sira ora anjaluk pituwas marang dhèwèké padha; iku ora liya kajaba pépéling tumrap saindhenging kamanusan
وَكَأَيِّنْ مِنْ آيَةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ يَمُرُّونَ عَلَيْهَا وَهُمْ عَنْهَا مُعْرِضُونَ
Lan wis sapira kèhé tandha- tandha ing langit-langit lan bumi, kang dhèwèké wis padha ang- liwati; éwadéné padha maléngos saka ing kono
وَمَا يُؤْمِنُ أَكْثَرُهُمْ بِاللَّهِ إِلَّا وَهُمْ مُشْرِكُونَ
Lan dhèwèké iku akèh- akèhé padha ora angèstu ing Allah tanpa anyakuthokaké liyané

Choose other languages: