Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #105 Translated in Jawa

رَبِّ قَدْ آتَيْتَنِي مِنَ الْمُلْكِ وَعَلَّمْتَنِي مِنْ تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ ۚ فَاطِرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ أَنْتَ وَلِيِّي فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۖ تَوَفَّنِي مُسْلِمًا وَأَلْحِقْنِي بِالصَّالِحِينَ
Pangéran kawula! Tuwan sampun amaringi karaton dhateng kawula saha sampun amulang kawula prakawis pradikaning wi- cara; Ingkang-Anitahaken langit- langit lan bumi! Tuwan punika Pangayoman kawula ing donya tuwin akhirat; mugi keparengaken pejah kawula pejahipun Muslim saha mugi kawula Tuwan kempal- aken kaliyan para tiyang tulus
ذَٰلِكَ مِنْ أَنْبَاءِ الْغَيْبِ نُوحِيهِ إِلَيْكَ ۖ وَمَا كُنْتَ لَدَيْهِمْ إِذْ أَجْمَعُوا أَمْرَهُمْ وَهُمْ يَمْكُرُونَ
Iki kalebu pawarta-pawarta prakara kang ora katon, Ingsun wedhar marang kowé, lan kowé ora nungkuli dhèwèké nali- kané padha amutusi prakarané lan padha angrancang paékan
وَمَا أَكْثَرُ النَّاسِ وَلَوْ حَرَصْتَ بِمُؤْمِنِينَ
Lan akèh-akèhé manusa ora bakal padha pracaya sanajan ba- nget kapénginira
وَمَا تَسْأَلُهُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِلْعَالَمِينَ
Lan ingatasé iki sira ora anjaluk pituwas marang dhèwèké padha; iku ora liya kajaba pépéling tumrap saindhenging kamanusan
وَكَأَيِّنْ مِنْ آيَةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ يَمُرُّونَ عَلَيْهَا وَهُمْ عَنْهَا مُعْرِضُونَ
Lan wis sapira kèhé tandha- tandha ing langit-langit lan bumi, kang dhèwèké wis padha ang- liwati; éwadéné padha maléngos saka ing kono

Choose other languages: