Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #108 Translated in Jawa

وَمَا تَسْأَلُهُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِلْعَالَمِينَ
Lan ingatasé iki sira ora anjaluk pituwas marang dhèwèké padha; iku ora liya kajaba pépéling tumrap saindhenging kamanusan
وَكَأَيِّنْ مِنْ آيَةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ يَمُرُّونَ عَلَيْهَا وَهُمْ عَنْهَا مُعْرِضُونَ
Lan wis sapira kèhé tandha- tandha ing langit-langit lan bumi, kang dhèwèké wis padha ang- liwati; éwadéné padha maléngos saka ing kono
وَمَا يُؤْمِنُ أَكْثَرُهُمْ بِاللَّهِ إِلَّا وَهُمْ مُشْرِكُونَ
Lan dhèwèké iku akèh- akèhé padha ora angèstu ing Allah tanpa anyakuthokaké liyané
أَفَأَمِنُوا أَنْ تَأْتِيَهُمْ غَاشِيَةٌ مِنْ عَذَابِ اللَّهِ أَوْ تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ
Lah apa ta dhèwèké padha rumasa aman, manawa ana sik- saning Allah kang anglimputi anekani marang dhèwèké, utawa mangsané tanpa cacala anekani dhèwèké kang sarta dhè- wèké padha ora anggraita
قُلْ هَٰذِهِ سَبِيلِي أَدْعُو إِلَى اللَّهِ ۚ عَلَىٰ بَصِيرَةٍ أَنَا وَمَنِ اتَّبَعَنِي ۖ وَسُبْحَانَ اللَّهِ وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Calathua: Iki dalanku, aku anguwuh marang Allah kalawan yakin,a aku lan para kang padha manut aku, lan Mahasuci Allah, sarta ora pisan aku iki golongané para mangro tingal

Choose other languages: