Quran Apps in many lanuages:

Surah Saba Ayahs #45 Translated in Jawa

قَالُوا سُبْحَانَكَ أَنْتَ وَلِيُّنَا مِنْ دُونِهِمْ ۖ بَلْ كَانُوا يَعْبُدُونَ الْجِنَّ ۖ أَكْثَرُهُمْ بِهِمْ مُؤْمِنُونَ
Para malaikat padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci, Tujuning manah kawula punika dhateng Paduka, boten dhateng tiyang kafir. Sahestunipun tiyang kafir punika ingkang kathah sami ngandel dhateng Jin(Syetan)
فَالْيَوْمَ لَا يَمْلِكُ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ نَفْعًا وَلَا ضَرًّا وَنَقُولُ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا ذُوقُوا عَذَابَ النَّارِ الَّتِي كُنْتُمْ بِهَا تُكَذِّبُونَ
Ing dina iku ora ana wong bisa mekolehake utawa maheka marang liyane. Lan Ingsun dhawuh marang para wong kafir, "Padha ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ قَالُوا مَا هَٰذَا إِلَّا رَجُلٌ يُرِيدُ أَنْ يَصُدَّكُمْ عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُكُمْ وَقَالُوا مَا هَٰذَا إِلَّا إِفْكٌ مُفْتَرًى ۚ وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُبِينٌ
WOng kafir mau menawa diwacakne ayatingsun (al-Qur’an) kelawan cetha (terang) padha ngucap, "Wong iki (Muhammad) ora liwat mung wong lanang sumedya ngalang - alangi anggonmu nyembah brahala sesembahane para leluhurmu biyen. al-Qur’an iki ora liwat mung pangucap goroh," wong kafir mau nalikane didhawuhi al-Qur’an kang nayata bener padha ngucap, "Iki ora liwat mung sihir kang tetela
وَمَا آتَيْنَاهُمْ مِنْ كُتُبٍ يَدْرُسُونَهَا ۖ وَمَا أَرْسَلْنَا إِلَيْهِمْ قَبْلَكَ مِنْ نَذِيرٍ
Wong kafir ora Ingsun paringi Kitab wacan kang mratelakake yen mangro-tingal iku bener. Lan Ingsun ora ngutus nabi sadurunge sira, kang handhawuhake yen mangro-tingal iku bener
وَكَذَّبَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ وَمَا بَلَغُوا مِعْشَارَ مَا آتَيْنَاهُمْ فَكَذَّبُوا رُسُلِي ۖ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيرِ
Para ummat zman kuna iku hiya padha maido, lan wong kafir ing Mekkah durung madane saparo sepuluhe peparing Ingsun marang ummat sadurunge (kyata dawane ngumur, sugihe bandha lan anak) nanging para ummat mau padha maido marang utusaningsun. Kapriyeta dudukaningsun marang wong mahu. Mesthi Ingsun siksa kang banget

Choose other languages: