Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #8 Translated in Jawa

بَشِيرًا وَنَذِيرًا فَأَعْرَضَ أَكْثَرُهُمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ
Surasane al-Quran hambungahake marang wong kang bekti serta ngelingake wong kang duraka. Wong kafir kang akeh padha malengos, mulane padha ora ketaman surasane al-Quran
وَقَالُوا قُلُوبُنَا فِي أَكِنَّةٍ مِمَّا تَدْعُونَا إِلَيْهِ وَفِي آذَانِنَا وَقْرٌ وَمِنْ بَيْنِنَا وَبَيْنِكَ حِجَابٌ فَاعْمَلْ إِنَّنَا عَامِلُونَ
Wong kafir padha matur, "Ing manah kula wonten tutupipun tumrap puyambak ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula punika sarta kupng kula punika awerat. Mekaten malih antawisipun kita punika wonten haling - haling. Mila prayoginipun sampyan nglampahana pandamel piyambak, kulaugi nglampahi pandamel piyambak
قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌ مِثْلُكُمْ يُوحَىٰ إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ فَاسْتَقِيمُوا إِلَيْهِ وَاسْتَغْفِرُوهُ ۗ وَوَيْلٌ لِلْمُشْرِكِينَ
(Muhammad) sira dhawuha, "Satemene aku iki manugsa padha bae karo kowe, nanging aku diparingi wahyu dening Allah, mratelakake yen pangeranmu mung siji mulane kowe padha madhepa ing Allah, lan nyuwuna pangapurane. Cilaka banget mangro-tingal mau
الَّذِينَ لَا يُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَهُمْ بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ
Kang padha ora gelem bayar zakat, sarta maido bakal anane dina Qiyamat
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ أَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُونٍ
Dene sapa wonge percaya ing Allah sarta padha ngelakoni panggawe becik padha diparingi ganjaran kang langgeng tanpa pedhot

Choose other languages: