Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #10 Translated in Jawa

قُلْ إِنَّمَا أَنَا بَشَرٌ مِثْلُكُمْ يُوحَىٰ إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ فَاسْتَقِيمُوا إِلَيْهِ وَاسْتَغْفِرُوهُ ۗ وَوَيْلٌ لِلْمُشْرِكِينَ
(Muhammad) sira dhawuha, "Satemene aku iki manugsa padha bae karo kowe, nanging aku diparingi wahyu dening Allah, mratelakake yen pangeranmu mung siji mulane kowe padha madhepa ing Allah, lan nyuwuna pangapurane. Cilaka banget mangro-tingal mau
الَّذِينَ لَا يُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَهُمْ بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ
Kang padha ora gelem bayar zakat, sarta maido bakal anane dina Qiyamat
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ أَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُونٍ
Dene sapa wonge percaya ing Allah sarta padha ngelakoni panggawe becik padha diparingi ganjaran kang langgeng tanpa pedhot
قُلْ أَئِنَّكُمْ لَتَكْفُرُونَ بِالَّذِي خَلَقَ الْأَرْضَ فِي يَوْمَيْنِ وَتَجْعَلُونَ لَهُ أَنْدَادًا ۚ ذَٰلِكَ رَبُّ الْعَالَمِينَ
(Muhammad) dhawuha, "Apa kowe maido ing Allah kang wis gawe bumi iki mung rong mongsa wae rampung. Kowe padha ngedegake brahala kok anggo timbangane Allah. Dene Allah iku Pangerane alam kabeh
وَجَعَلَ فِيهَا رَوَاسِيَ مِنْ فَوْقِهَا وَبَارَكَ فِيهَا وَقَدَّرَ فِيهَا أَقْوَاتَهَا فِي أَرْبَعَةِ أَيَّامٍ سَوَاءً لِلسَّائِلِينَ
Allah andokokake gunung pirang - pirang ana ing dhuwuring bumi, lan ambarkahi bumi, diakehake banyune, kewane lan thetukulane, ngedum wulu pametuning bumi marang manungsa lan hewan tekan ganepe mangsa. Wangsulan iki padha wae tumrap wong kang padha takon (kadadeyane bumi)

Choose other languages: