Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #13 Translated in Jawa

قُلْ أَئِنَّكُمْ لَتَكْفُرُونَ بِالَّذِي خَلَقَ الْأَرْضَ فِي يَوْمَيْنِ وَتَجْعَلُونَ لَهُ أَنْدَادًا ۚ ذَٰلِكَ رَبُّ الْعَالَمِينَ
(Muhammad) dhawuha, "Apa kowe maido ing Allah kang wis gawe bumi iki mung rong mongsa wae rampung. Kowe padha ngedegake brahala kok anggo timbangane Allah. Dene Allah iku Pangerane alam kabeh
وَجَعَلَ فِيهَا رَوَاسِيَ مِنْ فَوْقِهَا وَبَارَكَ فِيهَا وَقَدَّرَ فِيهَا أَقْوَاتَهَا فِي أَرْبَعَةِ أَيَّامٍ سَوَاءً لِلسَّائِلِينَ
Allah andokokake gunung pirang - pirang ana ing dhuwuring bumi, lan ambarkahi bumi, diakehake banyune, kewane lan thetukulane, ngedum wulu pametuning bumi marang manungsa lan hewan tekan ganepe mangsa. Wangsulan iki padha wae tumrap wong kang padha takon (kadadeyane bumi)
ثُمَّ اسْتَوَىٰ إِلَى السَّمَاءِ وَهِيَ دُخَانٌ فَقَالَ لَهَا وَلِلْأَرْضِ ائْتِيَا طَوْعًا أَوْ كَرْهًا قَالَتَا أَتَيْنَا طَائِعِينَ
Allah banjur yasa langit, kang dianggo kukusing banyu, bareng wis dadi, Allah dhawuh marang bumi langit, "Sira padha ngelakonono kang Ingsun parentahake kelawan miturut utawa peksan". Padha munjuk ing Allah, "Kula sendika ngelampahi kaliyan miturut
فَقَضَاهُنَّ سَبْعَ سَمَاوَاتٍ فِي يَوْمَيْنِ وَأَوْحَىٰ فِي كُلِّ سَمَاءٍ أَمْرَهَا ۚ وَزَيَّنَّا السَّمَاءَ الدُّنْيَا بِمَصَابِيحَ وَحِفْظًا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ
Langit banjur digawe sap pitu ing dalem wong mongso rampung." Allah paring wahyu siji - sijining langit mau, para malaikat kang manggon ing kono padha ngabekti ing Allah. (Pangandikaning Allah), "Ingsun ngrenggo langit kelawan lintang pirang - pirang lan ngreksa, mangkono mau pepesthening Allah kang Maha Mulya tur nguningani samu barang
فَإِنْ أَعْرَضُوا فَقُلْ أَنْذَرْتُكُمْ صَاعِقَةً مِثْلَ صَاعِقَةِ عَادٍ وَثَمُودَ
Sawise diterangake mangkene manawa wong kafir (Makkah) padha malengos banjur dhawuha, "Kowe padha wediya siksaning Allah kang padha numpes wong ’Aad lan Tsamud

Choose other languages: