Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #18 Translated in Jawa

إِذْ جَاءَتْهُمُ الرُّسُلُ مِنْ بَيْنِ أَيْدِيهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ ۖ قَالُوا لَوْ شَاءَ رَبُّنَا لَأَنْزَلَ مَلَائِكَةً فَإِنَّا بِمَا أُرْسِلْتُمْ بِهِ كَافِرُونَ
Nalika katekan para Rasul saka ngarep lan buri dhawuhe, "Kowe aja nyembah apa - apa, kejaba Allah". Padha mangsuli, "Menawi makaten punika yektos parentahing Pangeran kula Allah tentu ngutus malaikat, sampyan ngaken utusaning Allah punika kula sami mahiben
فَأَمَّا عَادٌ فَاسْتَكْبَرُوا فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَقَالُوا مَنْ أَشَدُّ مِنَّا قُوَّةً ۖ أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَهُمْ هُوَ أَشَدُّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۖ وَكَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ
Wong ’Aad padha gumedhe ana bumi padha nglakoni ora bener. Pangucape, "Sapata kang gagah prakosane ngungkuli aku?". Dheweke ora padha handeleng yen Allah kang gawe awake mesthi Allah gagah prakosane ngungkuli tikel akeh, wong ’Aad mau bakal ora oleh pitulung
فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِيحًا صَرْصَرًا فِي أَيَّامٍ نَحِسَاتٍ لِنُذِيقَهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَخْزَىٰ ۖ وَهُمْ لَا يُنْصَرُونَ
Wong ’Aad banjur Ingsun tempuh ing angin kang adhem hanjekut, ing dina kang sangar supaya ngincipana siksa kang ngremehake ana ing donya. Dene siksane besuk ing akherat luwih abot maneh bakal ora oleh pitulung sapa - sapa
وَأَمَّا ثَمُودُ فَهَدَيْنَاهُمْ فَاسْتَحَبُّوا الْعَمَىٰ عَلَى الْهُدَىٰ فَأَخَذَتْهُمْ صَاعِقَةُ الْعَذَابِ الْهُونِ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Dene wong Tsamud, Ingsun paringi pituduh bener, nanging padha milih kafir nampik pituduh bener. Mulane banjur dipulung dening siksa kang ngremehake, marga saka lakune dhewe
وَنَجَّيْنَا الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ
Para mukmin padha Ingsun paringi slamet dhewe lan pada bekti ing Allah

Choose other languages: