Surah At-Talaq Ayahs #11 Translated in Jawa
لِيُنْفِقْ ذُو سَعَةٍ مِنْ سَعَتِهِ ۖ وَمَنْ قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهُ فَلْيُنْفِقْ مِمَّا آتَاهُ اللَّهُ ۚ لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا مَا آتَاهَا ۚ سَيَجْعَلُ اللَّهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُسْرًا
Supaya wong sugih mragadana samurwate sugihe, dene sing sapa rizkine mung cumpen mragadana samurwate paparinge Allah marang wong iku. Allah ora meksa marang wong kajaba mung samurwate peperainge Allah marang wong mau. Allah bakal paring gampang sawise ngelakoni kangelan
وَكَأَيِّنْ مِنْ قَرْيَةٍ عَتَتْ عَنْ أَمْرِ رَبِّهَا وَرُسُلِهِ فَحَاسَبْنَاهَا حِسَابًا شَدِيدًا وَعَذَّبْنَاهَا عَذَابًا نُكْرًا
Pira wae akehe wong padesan kang padha duraka ora ngistokake parintahing Allah Pangerane lan parentahe utusaning Allah, wusana Ingsun timbang abot lan padha Ingsun patrapi siksa neraka kang gegirisi
فَذَاقَتْ وَبَالَ أَمْرِهَا وَكَانَ عَاقِبَةُ أَمْرِهَا خُسْرًا
Banjur padha ngrasakake patrapaning keluputane dadi wekasane kapitunan
أَعَدَّ اللَّهُ لَهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ فَاتَّقُوا اللَّهَ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ الَّذِينَ آمَنُوا ۚ قَدْ أَنْزَلَ اللَّهُ إِلَيْكُمْ ذِكْرًا
Allah ngancam siksa kang abot marang wong mau mulane sira padha bektia ing Allah, he para kang duwe akal
رَسُولًا يَتْلُو عَلَيْكُمْ آيَاتِ اللَّهِ مُبَيِّنَاتٍ لِيُخْرِجَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ ۚ وَمَنْ يُؤْمِنْ بِاللَّهِ وَيَعْمَلْ صَالِحًا يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۖ قَدْ أَحْسَنَ اللَّهُ لَهُ رِزْقًا
Para mukmin, Allah wis andhawuhake pitutur (al-Quran) lan ngutus Rasul kang ngundhangake ayate Allah kang cetha marang sira, kanggo ngetokake para wong kang mukmin (angestu) lan kang padha ngelakoni panggawe becik saka pepeteng (bodho) marang pepadhang (kaweruh) sing sapa percaya ing Allah lan ngelakoni panggawe becik Allah bakal nglebokake wong mau marang suwarga kang ana bengawane mili ana ing kono padha langgeng. Allah paring rizki becik marang wong mau
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
