Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #53 Translated in Jawa

وَإِنْ كَانُوا مِنْ قَبْلِ أَنْ يُنَزَّلَ عَلَيْهِمْ مِنْ قَبْلِهِ لَمُبْلِسِينَ
Para kawula mau sadurunge dituruni udan, wis bosen ngarep - arep marang tekane udan
فَانْظُرْ إِلَىٰ آثَارِ رَحْمَتِ اللَّهِ كَيْفَ يُحْيِي الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ لَمُحْيِي الْمَوْتَىٰ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Delenga labete rahmate Alah kang rupa udan. Allah nguripake bumi kang wis mati (banjur thukul kekayone kang padha woh). pangeran kang kuwasa nguripake bumi kang wis mati. allah iku nguwasani samu barang
وَلَئِنْ أَرْسَلْنَا رِيحًا فَرَأَوْهُ مُصْفَرًّا لَظَلُّوا مِنْ بَعْدِهِ يَكْفُرُونَ
Menawa Ingsun ngidikake angin kang dadi wisa tetanduran, manugsa banjur handeleng tetandurange padha kuning. Ingkono paparing Ingsun kabungahan kang wis kelakon padha digawe sirna tanpa gawe
فَإِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتَىٰ وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاءَ إِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِينَ
Satemene sira ora bisa dadekake wong - wong mati (atine) bisa krungun, lan ora bisa ngrungu pangundang - undang marang wong kang padha budheg kang mlengos
وَمَا أَنْتَ بِهَادِ الْعُمْيِ عَنْ ضَلَالَتِهِمْ ۖ إِنْ تُسْمِعُ إِلَّا مَنْ يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا فَهُمْ مُسْلِمُونَ
Ora bisa nuduhake dalan bener marang wong kang wuta (atine) supaya mareni anggone sasar. Ora ana wong bisa krungu lan ngerti pitutur becik, kejaba wong kang ngandel ing Qu’ran ayatingsun lan dheweke padha sumarah (Islam)

Choose other languages: