Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #55 Translated in Jawa

وَلَئِنْ أَرْسَلْنَا رِيحًا فَرَأَوْهُ مُصْفَرًّا لَظَلُّوا مِنْ بَعْدِهِ يَكْفُرُونَ
Menawa Ingsun ngidikake angin kang dadi wisa tetanduran, manugsa banjur handeleng tetandurange padha kuning. Ingkono paparing Ingsun kabungahan kang wis kelakon padha digawe sirna tanpa gawe
فَإِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتَىٰ وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاءَ إِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِينَ
Satemene sira ora bisa dadekake wong - wong mati (atine) bisa krungun, lan ora bisa ngrungu pangundang - undang marang wong kang padha budheg kang mlengos
وَمَا أَنْتَ بِهَادِ الْعُمْيِ عَنْ ضَلَالَتِهِمْ ۖ إِنْ تُسْمِعُ إِلَّا مَنْ يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا فَهُمْ مُسْلِمُونَ
Ora bisa nuduhake dalan bener marang wong kang wuta (atine) supaya mareni anggone sasar. Ora ana wong bisa krungu lan ngerti pitutur becik, kejaba wong kang ngandel ing Qu’ran ayatingsun lan dheweke padha sumarah (Islam)
اللَّهُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ ضَعْفٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْ بَعْدِ ضَعْفٍ قُوَّةً ثُمَّ جَعَلَ مِنْ بَعْدِ قُوَّةٍ ضَعْفًا وَشَيْبَةً ۚ يَخْلُقُ مَا يَشَاءُ ۖ وَهُوَ الْعَلِيمُ الْقَدِيرُ
Allah iku kang gawe awakira saka barang kang apes, barang apes mahu banjur didadekake kuat (manungsa) sawise kuat banjur pikun. Allah kuasa gawe barang kang dadi parening kersane, nguningani samu barang tur kuwasa
وَيَوْمَ تَقُومُ السَّاعَةُ يُقْسِمُ الْمُجْرِمُونَ مَا لَبِثُوا غَيْرَ سَاعَةٍ ۚ كَذَٰلِكَ كَانُوا يُؤْفَكُونَ
Besuk dina Qiyamat wong kafir padha supata. Pangakune anggone urip ana ing donya utawa anggone ana ing kubure ora luwih sak jam. Mangkono mahu dheweke banget bodhone

Choose other languages: