Surah Ar-Rum Ayahs #57 Translated in Jawa
وَمَا أَنْتَ بِهَادِ الْعُمْيِ عَنْ ضَلَالَتِهِمْ ۖ إِنْ تُسْمِعُ إِلَّا مَنْ يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا فَهُمْ مُسْلِمُونَ
Ora bisa nuduhake dalan bener marang wong kang wuta (atine) supaya mareni anggone sasar. Ora ana wong bisa krungu lan ngerti pitutur becik, kejaba wong kang ngandel ing Qu’ran ayatingsun lan dheweke padha sumarah (Islam)
اللَّهُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ ضَعْفٍ ثُمَّ جَعَلَ مِنْ بَعْدِ ضَعْفٍ قُوَّةً ثُمَّ جَعَلَ مِنْ بَعْدِ قُوَّةٍ ضَعْفًا وَشَيْبَةً ۚ يَخْلُقُ مَا يَشَاءُ ۖ وَهُوَ الْعَلِيمُ الْقَدِيرُ
Allah iku kang gawe awakira saka barang kang apes, barang apes mahu banjur didadekake kuat (manungsa) sawise kuat banjur pikun. Allah kuasa gawe barang kang dadi parening kersane, nguningani samu barang tur kuwasa
وَيَوْمَ تَقُومُ السَّاعَةُ يُقْسِمُ الْمُجْرِمُونَ مَا لَبِثُوا غَيْرَ سَاعَةٍ ۚ كَذَٰلِكَ كَانُوا يُؤْفَكُونَ
Besuk dina Qiyamat wong kafir padha supata. Pangakune anggone urip ana ing donya utawa anggone ana ing kubure ora luwih sak jam. Mangkono mahu dheweke banget bodhone
وَقَالَ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ وَالْإِيمَانَ لَقَدْ لَبِثْتُمْ فِي كِتَابِ اللَّهِ إِلَىٰ يَوْمِ الْبَعْثِ ۖ فَهَٰذَا يَوْمُ الْبَعْثِ وَلَٰكِنَّكُمْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Dene kang padha diparingin iman lan kaweuh nyata, padha mangsuli, "Kang kasebut ing kitabe Allah sira kari manut bahe nganti dina Qiyamat". Hiya iku dina tangine wong kang wis mati, nanging akeh wong padha ora (gelem) ngerti
فَيَوْمَئِذٍ لَا يَنْفَعُ الَّذِينَ ظَلَمُوا مَعْذِرَتُهُمْ وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُونَ
Ing dina iku wis tanpa gawe maneh panyuwunan ngapura wong sing padha salah, lan ora pisan - pisan dheweke diparengake seduh ngestokake dhawuhing Allah
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
