Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #52 Translated in Jawa

اللَّهُ الَّذِي يُرْسِلُ الرِّيَاحَ فَتُثِيرُ سَحَابًا فَيَبْسُطُهُ فِي السَّمَاءِ كَيْفَ يَشَاءُ وَيَجْعَلُهُ كِسَفًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلَالِهِ ۖ فَإِذَا أَصَابَ بِهِ مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ إِذَا هُمْ يَسْتَبْشِرُونَ
Allah iku kang ngidikake angin, banjur ngratakakek mega lan anggelar ana sangisoring langit manut sakersaning allah. Mega mau banjur didadekake mendhung. Sira banjur andeleng banyu udan metu saka tengahing mendung. Samangsa banyu udan ahu nyiram marang para kawulanging Allah dheweke banjur padha bungah
وَإِنْ كَانُوا مِنْ قَبْلِ أَنْ يُنَزَّلَ عَلَيْهِمْ مِنْ قَبْلِهِ لَمُبْلِسِينَ
Para kawula mau sadurunge dituruni udan, wis bosen ngarep - arep marang tekane udan
فَانْظُرْ إِلَىٰ آثَارِ رَحْمَتِ اللَّهِ كَيْفَ يُحْيِي الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ لَمُحْيِي الْمَوْتَىٰ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Delenga labete rahmate Alah kang rupa udan. Allah nguripake bumi kang wis mati (banjur thukul kekayone kang padha woh). pangeran kang kuwasa nguripake bumi kang wis mati. allah iku nguwasani samu barang
وَلَئِنْ أَرْسَلْنَا رِيحًا فَرَأَوْهُ مُصْفَرًّا لَظَلُّوا مِنْ بَعْدِهِ يَكْفُرُونَ
Menawa Ingsun ngidikake angin kang dadi wisa tetanduran, manugsa banjur handeleng tetandurange padha kuning. Ingkono paparing Ingsun kabungahan kang wis kelakon padha digawe sirna tanpa gawe
فَإِنَّكَ لَا تُسْمِعُ الْمَوْتَىٰ وَلَا تُسْمِعُ الصُّمَّ الدُّعَاءَ إِذَا وَلَّوْا مُدْبِرِينَ
Satemene sira ora bisa dadekake wong - wong mati (atine) bisa krungun, lan ora bisa ngrungu pangundang - undang marang wong kang padha budheg kang mlengos

Choose other languages: