Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #43 Translated in Jawa

وَمَا آتَيْتُمْ مِنْ رِبًا لِيَرْبُوَ فِي أَمْوَالِ النَّاسِ فَلَا يَرْبُو عِنْدَ اللَّهِ ۖ وَمَا آتَيْتُمْ مِنْ زَكَاةٍ تُرِيدُونَ وَجْهَ اللَّهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُضْعِفُونَ
Dene anggonira padha weweh supaya diwale kang luwih saka pawehira (riba = tambahan) wong kang weweh mau ora bakal diganjar dening Allah. Dene yen sira weweh karepira maligi ngestokake dhawuhing Allah, sira bakal oleh ganjaran tikel pirang - pirang
اللَّهُ الَّذِي خَلَقَكُمْ ثُمَّ رَزَقَكُمْ ثُمَّ يُمِيتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيكُمْ ۖ هَلْ مِنْ شُرَكَائِكُمْ مَنْ يَفْعَلُ مِنْ ذَٰلِكُمْ مِنْ شَيْءٍ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يُشْرِكُونَ
Allah iku kang gawe awakira sawise dadi banjur paring rizki marang sira, yen tekan mangsane banjur mateni marang sira, tumuli banjur nguripake (maneh) marang sira. Apa ana brahala kang bisa sira anggo tetimbanganing Allah. Allah iku Maha suci lan Maha luhur kaya panganggepe wong kang mangro tingal
ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ الَّذِي عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Ing bumi kang jengkar lan kang loh tetela padha karusakan, marga saka durakaning manungsa. Wusana manungsa padha kapeksa ngrasakake patrapan sawatara (pahilan) kang wis dilakoni, supaya padha bali (marang dalan kang bener)
قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِنْ قَبْلُ ۚ كَانَ أَكْثَرُهُمْ مُشْرِكِينَ
Sira dhawuha, "Padha anjajaha ing bumi, handelenga patilasane para wong kuna sadurungira, kapriye kadadeyane (padha dirusak dening Allah) awit dheweke mahu akeh kang padha mangro tingal
فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ الْقَيِّمِ مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتِيَ يَوْمٌ لَا مَرَدَّ لَهُ مِنَ اللَّهِ ۖ يَوْمَئِذٍ يَصَّدَّعُونَ
Sira lan ummatira masharna awak, neja ngistokake agama (Islam), hiya iku agama kang bener, mumpung durung ketekan dina Qiyamat, ing kono dhawuhing Allah wis ora kena dihundurake, lan hing dina iku para manungsa padha kapontho - pontho

Choose other languages: