Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #22 Translated in Jawa

لِلَّذِينَ اسْتَجَابُوا لِرَبِّهِمُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَالَّذِينَ لَمْ يَسْتَجِيبُوا لَهُ لَوْ أَنَّ لَهُمْ مَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا وَمِثْلَهُ مَعَهُ لَافْتَدَوْا بِهِ ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ سُوءُ الْحِسَابِ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمِهَادُ
Para kang padha nyandikani marang Pangérané iku padha olèh bagéan becik; lan para kang padha ora anyandikani marang Panjene- ngané, iku saupama padha andar- bènana sabarang kang ana ing bumi kabèh, sarta samono manèh, amasthi iku bakal diulungaké mi- nangka panebus. Iku pétungan ala kang dadi bagéané, sarta naraka padunungané, lan ala palèrènan iku
أَفَمَنْ يَعْلَمُ أَنَّمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ الْحَقُّ كَمَنْ هُوَ أَعْمَىٰ ۚ إِنَّمَا يَتَذَكَّرُ أُولُو الْأَلْبَابِ
Lah apa ta wong kang weruh manawa apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku barang yekti, iku padha karo wong kang wuta? Mung wong kang padha ana akalé kang mikir-mikir
الَّذِينَ يُوفُونَ بِعَهْدِ اللَّهِ وَلَا يَنْقُضُونَ الْمِيثَاقَ
Para kang padha anuhoni janjining Allah, sarta ora medhot sasanggeman
وَالَّذِينَ يَصِلُونَ مَا أَمَرَ اللَّهُ بِهِ أَنْ يُوصَلَ وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُونَ سُوءَ الْحِسَابِ
Lan para kang padha nyam- bung barang kang didhawuhaké déning Allah supaya disambu- nga sarta padha pakéring ma- rang Pangérané apa déné padha wedi marang pétungan ala
وَالَّذِينَ صَبَرُوا ابْتِغَاءَ وَجْهِ رَبِّهِمْ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَأَنْفَقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً وَيَدْرَءُونَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عُقْبَى الدَّارِ
Lan para kang padha tetep santosa angupaya pirenané Pangérané sarta anjumenengaké shalat, apa déné padha mèwèhaké barang paparing-Ingsun ing dhè- wèké kalawan sisidheman tuwin kalawan ngeblak, sarta padha anulak ala kalawan kabecikan; iki kang bakal padha olèh bagéan kawusanan padunungan

Choose other languages: