Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #24 Translated in Jawa

الَّذِينَ يُوفُونَ بِعَهْدِ اللَّهِ وَلَا يَنْقُضُونَ الْمِيثَاقَ
Para kang padha anuhoni janjining Allah, sarta ora medhot sasanggeman
وَالَّذِينَ يَصِلُونَ مَا أَمَرَ اللَّهُ بِهِ أَنْ يُوصَلَ وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُونَ سُوءَ الْحِسَابِ
Lan para kang padha nyam- bung barang kang didhawuhaké déning Allah supaya disambu- nga sarta padha pakéring ma- rang Pangérané apa déné padha wedi marang pétungan ala
وَالَّذِينَ صَبَرُوا ابْتِغَاءَ وَجْهِ رَبِّهِمْ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَأَنْفَقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً وَيَدْرَءُونَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عُقْبَى الدَّارِ
Lan para kang padha tetep santosa angupaya pirenané Pangérané sarta anjumenengaké shalat, apa déné padha mèwèhaké barang paparing-Ingsun ing dhè- wèké kalawan sisidheman tuwin kalawan ngeblak, sarta padha anulak ala kalawan kabecikan; iki kang bakal padha olèh bagéan kawusanan padunungan
جَنَّاتُ عَدْنٍ يَدْخُلُونَهَا وَمَنْ صَلَحَ مِنْ آبَائِهِمْ وَأَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ ۖ وَالْمَلَائِكَةُ يَدْخُلُونَ عَلَيْهِمْ مِنْ كُلِّ بَابٍ
Patamanan padunungan kang langgeng, kang anggoné lumebu mrono dalah para wongtuwané lan jodho-jodhoné sarta turun- turuné endi kang kalakuané becik; apa déné para malaikat padha lumebu amarek dhèwèké saka saben-saben kori
سَلَامٌ عَلَيْكُمْ بِمَا صَبَرْتُمْ ۚ فَنِعْمَ عُقْبَى الدَّارِ
Rahayu mugi tetep ingatas- ipun ijengandika, déning anggèn ijengandika sampun tetep santosa; lah, iba ta pinunjulipun kawusana- ning padunungan punika

Choose other languages: