Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #19 Translated in Jawa

إِذْ تَلَقَّوْنَهُ بِأَلْسِنَتِكُمْ وَتَقُولُونَ بِأَفْوَاهِكُمْ مَا لَيْسَ لَكُمْ بِهِ عِلْمٌ وَتَحْسَبُونَهُ هَيِّنًا وَهُوَ عِنْدَ اللَّهِ عَظِيمٌ
Marga anggonira wani - wani andakwa zina mau lisanira padha ngucapake barang kang sira ora sumurup, lan sira ngira barang kang kaya mengkono mau remeh wae. Sumurupa bab ndakwa tumindak zina iku mungguhing Allah perkara kang gedhe
وَلَوْلَا إِذْ سَمِعْتُمُوهُ قُلْتُمْ مَا يَكُونُ لَنَا أَنْ نَتَكَلَّمَ بِهَٰذَا سُبْحَانَكَ هَٰذَا بُهْتَانٌ عَظِيمٌ
Yogene nalika sira krungu ora gelem ngucap mengkene, "Ora prayoga menawa melu - melu ngucap kang kaya mengkne iki". Dhuh Allah panjenengan punika maha suci. Wicaksana tenan mekaten punika gegorohan ingkang agung
يَعِظُكُمُ اللَّهُ أَنْ تَعُودُوا لِمِثْلِهِ أَبَدًا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ
Menawa sira iman marang Allah, Allah paring piwulang marang sira, sira aja pisan - pisan mbaleni ngucapake kang kaya mengkono mau
وَيُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Lan Allah nerangake dhawuh marang sira kanthi pirang - pirang tandha yekti. Dene Allah maha ngudaneni tur wicaksana
إِنَّ الَّذِينَ يُحِبُّونَ أَنْ تَشِيعَ الْفَاحِشَةُ فِي الَّذِينَ آمَنُوا لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنْتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
Saktemene wong kang padha remen nyiar - nyiarake pawarta ala marang wong mu’min, iku bakal kapatrapan siksa kang nglarani ana ing donya lan akherat. Dene Allah iku nguningani nanging sira ora padha sumurup

Choose other languages: