Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #88 Translated in Jawa

فَقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ لَا تُكَلَّفُ إِلَّا نَفْسَكَ ۚ وَحَرِّضِ الْمُؤْمِنِينَ ۖ عَسَى اللَّهُ أَنْ يَكُفَّ بَأْسَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ وَاللَّهُ أَشَدُّ بَأْسًا وَأَشَدُّ تَنْكِيلًا
Mulané sira peranga ing dadalaning Allah: ora liya kang kajibah iku kajaba awakira dhéwé; sarta ananangia para angèstu; manawa-manawa Allah ameperaké perangé wong kafir, lan Allah iku luwih abanget ing kawanèn sarta luwih abanget ing pidana
مَنْ يَشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَكُنْ لَهُ نَصِيبٌ مِنْهَا ۖ وَمَنْ يَشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَكُنْ لَهُ كِفْلٌ مِنْهَا ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ مُقِيتًا
Sapa sing réwang-réwang ing dalem panggawé becik, bakal olèh panduman sapé- rangané, lan sapa sing réwang- réwang ing dalem pang- gawé ala, bakal duwé tanggungan sapérangané; lan Allah iku kang amisésa ing samubarang
وَإِذَا حُيِّيتُمْ بِتَحِيَّةٍ فَحَيُّوا بِأَحْسَنَ مِنْهَا أَوْ رُدُّوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَسِيبًا
Lan manawa sira dikurmati kalawan pakurmatan, lah kurmata kalawan kang luwih becik tinimbang iku, utawa mang- sulana padha karo iku; sayekti Allah iku marang samubarang angétang
اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ لَيَجْمَعَنَّكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ ۗ وَمَنْ أَصْدَقُ مِنَ اللَّهِ حَدِيثًا
Allah, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; sayekti Pan- jenengané temen bakal angimpun sira kabèh ing dina kiyamat, wis ora ana semangé ing dalem iki; lan sapa ta sing luwih temen ing pangucap tinimbang Allah
فَمَا لَكُمْ فِي الْمُنَافِقِينَ فِئَتَيْنِ وَاللَّهُ أَرْكَسَهُمْ بِمَا كَسَبُوا ۚ أَتُرِيدُونَ أَنْ تَهْدُوا مَنْ أَضَلَّ اللَّهُ ۖ وَمَنْ يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ سَبِيلًا
Lah ana apa ta sira iku déné dadi rong golongan ing dalem para lamis, ing mang- ka Allah ambalèkaké dhèwèké amarga saka panggawé-panggawéné? Apa ta sira padha arep nuntun wong kang wis kasasaraké déning Allah? Lan sapa sing wis kasasaraké déning Allah, amasthi ora bakal sira éntuk dalan tumrap dhèwèké

Choose other languages: