Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #91 Translated in Jawa

اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ لَيَجْمَعَنَّكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ ۗ وَمَنْ أَصْدَقُ مِنَ اللَّهِ حَدِيثًا
Allah, ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; sayekti Pan- jenengané temen bakal angimpun sira kabèh ing dina kiyamat, wis ora ana semangé ing dalem iki; lan sapa ta sing luwih temen ing pangucap tinimbang Allah
فَمَا لَكُمْ فِي الْمُنَافِقِينَ فِئَتَيْنِ وَاللَّهُ أَرْكَسَهُمْ بِمَا كَسَبُوا ۚ أَتُرِيدُونَ أَنْ تَهْدُوا مَنْ أَضَلَّ اللَّهُ ۖ وَمَنْ يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ سَبِيلًا
Lah ana apa ta sira iku déné dadi rong golongan ing dalem para lamis, ing mang- ka Allah ambalèkaké dhèwèké amarga saka panggawé-panggawéné? Apa ta sira padha arep nuntun wong kang wis kasasaraké déning Allah? Lan sapa sing wis kasasaraké déning Allah, amasthi ora bakal sira éntuk dalan tumrap dhèwèké
وَدُّوا لَوْ تَكْفُرُونَ كَمَا كَفَرُوا فَتَكُونُونَ سَوَاءً ۖ فَلَا تَتَّخِذُوا مِنْهُمْ أَوْلِيَاءَ حَتَّىٰ يُهَاجِرُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ فَإِنْ تَوَلَّوْا فَخُذُوهُمْ وَاقْتُلُوهُمْ حَيْثُ وَجَدْتُمُوهُمْ ۖ وَلَا تَتَّخِذُوا مِنْهُمْ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا
Padha angajap-ajap supaya sira padha kafira kaya olèhé padha kafir, dadi sira kabèh banjur padha; mulané aja ana kang padha sira alap mitra nganti tumekané dhè- wèké padha ngili ing dadalaning Allah; ananging manawa padha maléngos, lah padha sira cekela lan padha sira patènana, ana ing ngendi baé katemunira karo dhèwèké, lan aja ana kang padha sira alap mitra utawa panulung
إِلَّا الَّذِينَ يَصِلُونَ إِلَىٰ قَوْمٍ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِيثَاقٌ أَوْ جَاءُوكُمْ حَصِرَتْ صُدُورُهُمْ أَنْ يُقَاتِلُوكُمْ أَوْ يُقَاتِلُوا قَوْمَهُمْ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَسَلَّطَهُمْ عَلَيْكُمْ فَلَقَاتَلُوكُمْ ۚ فَإِنِ اعْتَزَلُوكُمْ فَلَمْ يُقَاتِلُوكُمْ وَأَلْقَوْا إِلَيْكُمُ السَّلَمَ فَمَا جَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ عَلَيْهِمْ سَبِيلًا
Kajaba para kang padha lumebu marang golongan, kang aprajanjian karo sira, utawa tume- ka marang sira, amenggak atiné amerangi sira, utawa amerangi golongané; lan saupama Allah iku angarsakna, amasthi aparing kaku- watan marang dhèwèké anglawan sira, banjur masthi amerangi sira; mulané manawa dhèwèké padha anyingkiri sira, dadi padha ora amerangi sira, sarta angacarani pirukun marang sira, amasthi Allah ora aparing dalan marang sira amituna dhèwèké
سَتَجِدُونَ آخَرِينَ يُرِيدُونَ أَنْ يَأْمَنُوكُمْ وَيَأْمَنُوا قَوْمَهُمْ كُلَّ مَا رُدُّوا إِلَى الْفِتْنَةِ أُرْكِسُوا فِيهَا ۚ فَإِنْ لَمْ يَعْتَزِلُوكُمْ وَيُلْقُوا إِلَيْكُمُ السَّلَمَ وَيَكُفُّوا أَيْدِيَهُمْ فَخُذُوهُمْ وَاقْتُلُوهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوهُمْ ۚ وَأُولَٰئِكُمْ جَعَلْنَا لَكُمْ عَلَيْهِمْ سُلْطَانًا مُبِينًا
Sira bakal padha kepranggul liyané, kang kapéngin aman ka- lawan sira sarta aman kalawan golongané; saben-saben padha bali marang piala, saya kablebek ana ing kono; mulané manawa dhèwèké padha ora anyingkiri sira sarta ora angacarani pirukun ma- rang sira apa déné ora anglèrènaké tangan-tangané, lah padha sira cekela lan sira patènana ana ing ngendi baé katemunira dhèwèké; lan kanggo nglawan iki anggon- Ingsun aparing wewenang kang cetha marang sira

Choose other languages: