Surah An-Nisa Ayahs #82 Translated in Jawa
أَيْنَمَا تَكُونُوا يُدْرِكْكُمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنْتُمْ فِي بُرُوجٍ مُشَيَّدَةٍ ۗ وَإِنْ تُصِبْهُمْ حَسَنَةٌ يَقُولُوا هَٰذِهِ مِنْ عِنْدِ اللَّهِ ۖ وَإِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَقُولُوا هَٰذِهِ مِنْ عِنْدِكَ ۚ قُلْ كُلٌّ مِنْ عِنْدِ اللَّهِ ۖ فَمَالِ هَٰؤُلَاءِ الْقَوْمِ لَا يَكَادُونَ يَفْقَهُونَ حَدِيثًا
Ana ing ngendi-endia mang- gonira, pati iku bakal tumeka ing sira, sanajan sira padha ana ing gedhong dhuwur. Lan manawa katekan becik, padha acalathu: Iki saka ngarsaning Allah; lan mana- wa katekan ala, padha calathu: Iki saka kowé. Calathua: Kabèh iku saka ngarsaning Allah; ananging ana apa ta wong-wong iki, déné prasasat padha ora ngerti apa kang kadhawuhaké
مَا أَصَابَكَ مِنْ حَسَنَةٍ فَمِنَ اللَّهِ ۖ وَمَا أَصَابَكَ مِنْ سَيِّئَةٍ فَمِنْ نَفْسِكَ ۚ وَأَرْسَلْنَاكَ لِلنَّاسِ رَسُولًا ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا
Sabarang becik kang tumeka ing sira , lah iku saka ing Allah, lan sabarang ala kang tumeka ing sira, lah iku saka ing sira dhéwé; lan Ingsun angutus ing sira ! marang kama- nusan minangka Utusan; lan wis cukup Allah iku minangka Saksi
مَنْ يُطِعِ الرَّسُولَ فَقَدْ أَطَاعَ اللَّهَ ۖ وَمَنْ تَوَلَّىٰ فَمَا أَرْسَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظًا
Sapa sing ambangun-turut ing Utusan, lah sajatiné iku ambangun- turut ing Allah; lan sapa sing ma- léngos, lah anggon-Ingsun angutus ing sira iku ora minangka juru- ngreksa dhèwèké
وَيَقُولُونَ طَاعَةٌ فَإِذَا بَرَزُوا مِنْ عِنْدِكَ بَيَّتَ طَائِفَةٌ مِنْهُمْ غَيْرَ الَّذِي تَقُولُ ۖ وَاللَّهُ يَكْتُبُ مَا يُبَيِّتُونَ ۖ فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا
Lan dhèwèké padha acalathu: Pambangun-turut. Ananging bareng wis padha metu saka ing ngarepira, sing sapantha, ing wengi anetepaké tumindak dudu kang sira dha- wuhaké; lan Allah iku anyerati apa kang ditetepaké ing wengi, mulané padha singkirana lan sumendhéa marang Allah, lan wis cukup Allah iku minangka Panga- yoman
أَفَلَا يَتَدَبَّرُونَ الْقُرْآنَ ۚ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِنْدِ غَيْرِ اللَّهِ لَوَجَدُوا فِيهِ اخْتِلَافًا كَثِيرًا
Lah apa ta padha ora meleng marang Quran? Lan saupama saka saliyané Allah, amasthi dhèwèké padha mrangguli pasulayan sa- pirang-pirang ana ing sajeroné
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
