Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #170 Translated in Jawa

لَٰكِنِ اللَّهُ يَشْهَدُ بِمَا أَنْزَلَ إِلَيْكَ ۖ أَنْزَلَهُ بِعِلْمِهِ ۖ وَالْمَلَائِكَةُ يَشْهَدُونَ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا
Ananging Allah aneksèni kalawan apa kang wus dhumawuh marang sira, kang dhumawuhé kalawan ngélmu-Né, sarta para malaikat padha aneksèni; lan wis cukup Allah minangka saksi
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ قَدْ ضَلُّوا ضَلَالًا بَعِيدًا
Sayekti, para kang padha kafir sarta angalang-alangi saka dadalaning Allah – temen padha sasar kalawan sasar kang adoh
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَظَلَمُوا لَمْ يَكُنِ اللَّهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ طَرِيقًا
Sayekti, para kang padha kafir lan padha atindak dudu, iku Allah ora bakal ngapura lan ora bakal anuntun ing dalan
إِلَّا طَرِيقَ جَهَنَّمَ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا
Kajaba ing dadalaning na- raka, supaya padha manggon ana ing kono lawas,a lan mangkéné iki ingatasé Allah gampang
يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَكُمُ الرَّسُولُ بِالْحَقِّ مِنْ رَبِّكُمْ فَآمِنُوا خَيْرًا لَكُمْ ۚ وَإِنْ تَكْفُرُوا فَإِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
É, para manusa! Temen wis teka utusan marang sira kalawan yekti saka Pangéranira, mulané padha angèstu, becik tumrapé sira; lan manawa sira padha anga- firi, lah sayekti kagungané Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; sarta Allah iku Anguda- néni, Wicaksana

Choose other languages: